Konten Aniaya lan Sadis

Rincian kabijakan

LOG PERUBAHAN
Dhasar Kabijakan
Kita ngerti yen wong-wong duwe sensitivitas sing beda-beda babagan gambar sadis lan konten aniaya. Kanggo nglindhungi pangguna saka konten kaya mangkono, kita mbusak sawetara konten sadis lan nambahake label panyaruwe kanggo jinis konten liyane supaya wong ngerti yen konten kasebut bisa uga sensitif sadurunge ngeklik. Kita matesi kabisan pangguna enom kanggo ndeleng konten sing mbokmenawa ora cocog utawa ora pantes karo umure dheweke. Kanthi mengkono, kita duwe tujuan kanggo nyedhiyakake pengalaman pangguna sing tepak, sinambi terus nyedhiyakake ruang ekspresi dhiri marang pangguna kita.
Kita nganggep yen pangguna bisa ngandumake konten kanggo nyoroti utawa ngecam tumindak kayata planggaran hak asasi manungsa utawa konflik senjata. Kabijakan kita nimbangake nalika konten diandumake ing konteks iki lan menehi ruang kanggo dhiskusi sarta ningkatake kesadharan.
Kanggo iklan berbayar, kita nyedhiyakake pelindhungan tambahan. Contone, konten sing dianggep sensitif ora netepi sarat kanggo ditayangake ing iklan. Kita uga nglarang iklan ngatutake gambar lan video sing ngagetake, ngeri, utawa sensasional. Kanggo informasi luwih jangkep, deleng Standar Iklan kita.
Aja mosting:
Gambar wong
Video wong, sing isih urip utawa wis seda, ing konteks non-medis, sing nggambarake:
  • Kethokan bagean awak.
  • Jeroan, kayata bagean organ, balung, utawa jaringan otot sing katon ing wong sing isih urip utawa wis seda;
  • Wong sing kobong utawa gosong; utawa
  • Belehan.
Siaran langsung ukuman mati.
Omongan Sadis
Omongan sadis yaiku komentar – kayata katrangan utawa komentar – sing nuduhake rasa bungah utawa seneng tumrap kasangsaran utawa ngina wong utawa kewan.
Kita mbusak
  • Omongan sadis sing digawe tumrap gambar (awujud video lan gambar) sing dijangkepi layar panyaruwe miturut kabijakan iki, kanthi menehi weruh wong yen konten kasebut mbokmenawa sensitif; kajaba gambar kasebut nggambarake tumindak mbela awake dhewe (contone, video wong sing mbela awake dhewe saka rampok sing nggawa senjata) utawa ana ing konteks medis (contone, gambar profesional medis sing lagi nindakake operasi).
  • Omongan sadis eksplisit sing digawe tumrap kasangsaran kewan sing ana ing gambar, lan gambar sing nggambarake kewan sing sekarat.
  • Tawa utawa panjalukan gambar sing dibusak utawa dijangkepi layar panyaruwe miturut kabijakan iki, nalika ana omongan sadis.
Kanggo konten ing ngisor, kita ngatutake layar panyaruwe supaya wong sadhar yen konten kuwi bisa uga sensitif. Kita uga matesi kabisan ndeleng konten marang wong diwasa, sing umure minimal 18 taun:
Gambar wong
Video wong, sing isih urip utawa wis seda, ing konteks medis, sing nggambarake:
  • Kethokan bagean awak.
  • Jeroan, kayata bagean organ, balung, utawa jaringan otot sing katon ing wong sing isih urip utawa wis seda;
  • Wong sing kobong utawa gosong, kalebu ing konteks kremasi; utawa
  • Belehan.
Gambar wong, sing isih urip utawa wis seda, sing nggambarake:
  • Kethokan bagean awak.
  • Jeroan, kayata bagean organ, balung, utawa jaringan otot sing katon ing wong sing isih urip utawa wis seda;
  • Wong sing kobong utawa gosong; utawa
  • Belehan.
Gambar (video utawa gambar) sing nggambarake rajapati sadis (kalebu kedadeyane utawa akibate) utawa momen wong ngalami kedadeyan sing mbebayani urip (kalebu ditabrak mobil, tiba saka panggonan dhuwur, utawa kedadeyan liya sing bisa nyababake cedera fisik).
Gambar sing nggambarake ukuman matine wong (ora kalebu siaran langsung).
Gambar sing nggambarake tumindak brutal (contone, tumindak aniaya utawa ngancem nyawa marang subjek sing ditahan kanthi meksa) sing ditindakake marang siji wong utawa akeh wong.
Gambar sing nggambarake objek asing non-medis (kayata lading, paku, utawa objek logam liyane) sing nyoblos kulit wong.
Gambar sing nggambarake wong sing untune rusak, getihen, copot lan getihen; utawa tumindak nglebokake objek asing menyang untu utawa gusi.
Gambar sing nggambarake janin lan bayi sing wis seda ing sajabane rahim, kajaba ana wong liyane ing gambar iku.
Gambar kewan
Gambar kewan apa wae, sing isih urip utawa wis mati, sing nggambarake kethokan bagean awak, jeroan sing katon, awak sing kobong utawa gosong, utawa digodhog urip-urip.
Gambar kewan sing sekarat.
Gambar manungsa sing nglakoni tumindak brutal marang kewan urip (contone, nendhang, nglelepake, utawa njabuti wulu).
Kanggo konten ngisor iki, kita matesi kabisan ndeleng konten kasebut kanggo pangguna sing umure minimal 18 taun:
Gambar wong
Gambar sing nuduhake manungsa sing wis seda sing ora ditutupi sabagean utawa sakabehe, sanajan ora ana indikator rajapati sadis.
Gambar sing nggambarake janin lan bayi sing wis seda ing sajabane rahim, nalika ana wong liyane ing gambar iku.
Gambar sing nuduhake dom sing nyoblos kulit wong saliyane kanggo vaksinasi, akupuntur utawa dry-needling, tato, utawa tindhik.
Gambar sing nuduhake wong sing tatu ing konteks medis nalika dheweke katon lara utawa susah, benjut, utawa nganggo selang medis ing rai lan/utawa tangane.
Gambar sing nuduhake rereged lan bebanyon awak manungsa (contone, feses, uyuh, wutahan, rereged kuping, riyak, prodhuk saka ekstraksi kulit, utawa getih).
Gambar sing nuduhake kendharaan sing kobong utawa mbledhos, utawa nuduhake momen utawa akibat saka numpak kendharaan kanthi banter tumrap objek liyane sing nyababake kendharaan kasebut metu saka jalur lan/utawa kompartemen sopir utawa penumpang kendharaan rusak nemen.
Gambar kewan
Gambar sing nuduhake kewan, sing urip utawa wis mati, sing katon ana getihe.
Gambar sing nuduhake kewan ing konteks nglairake (contone, ana getih utawa bagean jeroane katon).
Gambar sing nuduhake kewan, sing urip utawa wis mati, sing katon ngetokake gegremetan (contone, blatung utawa cacing).
Gambar sing nuduhake kewan tatu sing lagi nandhang lara.
Gambar Fiksi
Gambar sing nuduhake wong sing sipate fiksi, ing konteks ngisor iki:
  • Kethokan bagean awak;
  • Jeroan, kayata organ, balung, utawa jaringan otot sing katon;
  • Wong sing kobong utawa gosong;
  • Belehan; utawa
  • Kedadeyan rajapati sadis utawa ngancam nyawa.
Gambar sing nuduhake wong fiksi sing sipate fotorealistik (sing gambar kasebut katon kaya utawa memper banget karo poto utawa video wong sing nyata), ing konteks ngisor iki:
  • Objek asing non-medis (kayata ladhing, paku, utawa objek logam liyane) sing nyoblos kulit;
  • Rereged utawa bebanyon awak manungsa (contone, feses, uyuh, wutahan, rereged kuping, riyak, prodhuk saka ekstraksi kulit), kajaba getih;
  • Bayi utawa janin sing wis seda ing sajabane rahim;
Gambar sing nuduhake kewan fiksi, ananging fotorealistik, ing konteks ngisor iki:
  • Kethokan bagean awak;
  • Jeroan, kayata organ, balung, utawa jaringan otot sing katon;
  • Kewan sing kobong utawa gosong;
  • Kewan sing digodhog urip-urip;
  • Getih sing katon;
  • Kewan sing sekarat;
  • Wong sing nglakoni tumindak brutal (contone, nendhang, nglelepake, utawa njabuti wulu) marang kewan urip.
  • Kewan tatu sing nandhang lara
  • Kewan sing ngetokake gegremetan saka njero awake (contone, blatung utawa cacing).
Kanggo Standar Komunitas ing ngisor, kita mbutuhake informasi lan/utawa konteks tambahan kanggo ditrapake:
Kita ora ngidini:
Gambar utawa audio rajapati sadise wong nalika patine wong kasebut dikonfirmasi dening cathetan penegakan ukum, sertipikat pati, lapuran Mitra sing Dipracaya, utawa lapuran media lan anggota kulawarga njaluk konten kasebut dibusak.
Video manungsa kobong utawa gosong ing konteks ngobong awake dhewe minangka tumindak protes.
Kita bisa uga ngidini:
Gambar rajapati sadise wong utawa kedadeyan sing ngancam nyawane wong nalika gambar kasebut sipate ora disengaja
Pangalaman pangguna
Deleng saperangan conto bab panegakan kanggo wong-wong ing Facebook, kayata: cara nglapurake prakara sing miturut sampeyan ora oleh ana ing Facebook, dikabari yen sampeyan wis nglanggar Standar Komunitas kita, lan ndeleng layar panyaruwe tumrap konten tertamtu.
Cathetan: Kita tansah ngupayakake dadi luwih apik, mula sing sampeyan deleng ing kene mungkin rada kadaluwarsa dibandhingake karo sing kita gunakake saiki.
PANGALAMAN PANGGUNA
Nglapurake
PANGALAMAN PANGGUNA
Komunikasi sawise lapuran
PANGALAMAN PANGGUNA
Pangalaman pambusakan
PANGALAMAN PANGGUNA
Layar panyaruwe
Data
Deleng Lapuran Panegakan Standar Komunitas sing paling anyar
Panegakan ukum
Kita duwe kabijakan sing padha ing saindenging ndonya, kanggo sapa wae sing ana ing Facebook.
Tim paninjoan
Tim global kita sing luwih saka 15.000 paninjo kerja saben dina kanggo njaga supaya Facebook aman.
Interaksi pamangku kapentingan
Ahli saka njaba, akademisi, LSM, lan panentu kabijakan mbantu menehi info kanggo nggawe Standar Komunitas Facebook.
Entukake pitulungan babagan konten aniaya lan sadis
Sinaoni apa sing bisa sampeyan tindakake nalika ndeleng samubarang ing Facebook sing nglanggar Standar Komunitas kita.
Bukak Pusat Pitulungan