Panjalukan Pangguna

Rincian kabijakan

LOG PERUBAHAN
Dhasar Kabijakan
Meta nanggapi panjalukan kanggo mbusak akun miturut ukum sing ditrapake lan sarat layanan kita. Saben panjalukan sing kita tampa ditinjo kanthi tliti lan kita bisa nolak utawa njaluk klarifikasi tambahan kanggo panjalukan tertamtu.
Kita matuhi panjalukan kanggo mbusak:
  • Akun nalika dijaluk dening pamilik akun
  • Akun duweke wong sing ora mampu kanthi medis nalika dijaluk kanggo mbusak dening perwakilan resmi kanthi Bukti Kawenangan lan dokumentasi medis sing ngonfirmasi kahanan kasebut
Pangalaman pangguna
Deleng saperangan conto bab panegakan kanggo wong-wong ing Facebook, kayata: cara nglapurake prakara sing miturut sampeyan ora oleh ana ing Facebook, dikabari yen sampeyan wis nglanggar Standar Komunitas kita, lan ndeleng layar panyaruwe tumrap konten tartamtu.
Cathetan: Kita tansah ngupayakake dadi luwih apik, mula sing sampeyan deleng ing kene mungkin rada kadaluwarsa dibandhingake karo sing kita gunakake saiki.
PANGALAMAN PANGGUNA
Nglapurake
PANGALAMAN PANGGUNA
Komunikasi sawise lapuran
PANGALAMAN PANGGUNA
Pangalaman pambusakan
PANGALAMAN PANGGUNA
Layar panyaruwe
Panegakan ukum
Kita duwe kabijakan sing padha ing saindenging ndonya, kanggo sapa wae sing ana ing Facebook.
Tim paninjoan
Tim global kita sing luwih saka 15.000 paninjo kerja saben dina kanggo njaga supaya Facebook aman.
Interaksi pamangku kapentingan
Ahli saka njaba, akademisi, LSM, lan panentu kabijakan mbantu menehi info kanggo nggawe Standar Komunitas Facebook.
Entukake pitulungan babagan panjalukan pangguna
Sinaoni apa sing bisa sampeyan tindakake nalika ndeleng samubarang ing Facebook sing nglanggar Standar Komunitas kita.
Bukak Pusat Pitulungan