Spam

Rincian kabijakan

LOG PERUBAHAN
Dhasar Kabijakan
Kita ora ngidini konten sing dirancang kanggo ngapusi, mblasukake, utawa nyababake pangguna bingung kanthi tujuan ningkatake jumlah pamirsa kanthi artifisial. Konten iki ngganggu kabisan wong kanggo interaksi kanthi asli ing platform kita lan bisa ngancam kaamanan, stabilitas, sarta mupangat layanan kita. Kita uga ngupayakake kanggo nyegah taktik panyalahgunaan, kayata nyebarake sesambungan apus-apus kanggo narik pangguna liwat fungsionalitas utawa kode supaya ora curiga, utawa nyamar dadi domain dipercaya.
Spam online iku indhustri sing nggawe bathi. Kabijakan lan deteksi kita kudu terus dikembangake kanggo ngimbangi tren lan taktik spam sing muncul. Minangka tumindak kanggo merangi spam, kita bakal ngimbangi mundhake beya kanggo produsen lan distributor ing platform kita, kanthi nglindhungi aktivitas komunitas kita sing dinamis lan asli.
Kita ora ngidini:
  • Mosting, ngandumake, interaksi karo konten utawa nggawe akun, Grup, Kaca, Acara, utawa aset liyane, kanthi manual utawa otomatis ananging kerep banget.
    • Kita bisa ngetrapake watesan ing akun sing frekuensi tumindake luwih jarang yen ana indikator Spam liyane (contone, mosting konten sing padha bola-bali) utawa tandha yen ora asli.
  • Ngupayakake utawa kasil adol, tuku, utawa ijolan aset platform, kayata akun, grup, kaca, lsp.
  • Ngupayakake utawa kasil adol, tuku, utawa ijolan hak istimewa tumrap situs, kayata peran admin utawa moderator, utawa idi kanggo mosting ing ruang tertamtu.
  • Ngupayakake utawa kasil adol, tuku, utawa ijolan konten karo samubarang sing ana nilai dhuwite, kajaba Konten Merek sing wis diidentifikasi kanthi cetha, kaya sing diterangake ing Kabijakan Konten Merek.
  • Ngupayakake utawa kasil adol, tuku, utawa ijolan interaksi, kayata seneng, andum, tayangan, pangikut, klik, panggunaan tagar tertamtu, lsp. Iki kalebu:
    • Nawakake giveaway (contone, nawakake peluang menang marang wong liya) dhuwit tunai utawa samubarang sing imbang nilaine minangka imbal balik kanggo interaksi. (contone, “Sapa wae sing nyenengi kacaku bakal nduweni kesempatan menangake 500 USD”)
    • Nawakake kanggo menehi samubarang sing ana nilai dhuwite minangka imbal balik kanggo interaksi. (contone, “Yen sampeyan nyenengi kacaku, aku bakal menehi iPhone kanggo sampeyan!”)
  • Majibake utawa ngeklaim yen pangguna kudu interaksi karo konten kasebut (conto, nyenengi, ngandumake) sadurunge bisa ndeleng utawa interaksi karo konten sing dijanjekake.
  • Ngandumake URL, domain, utawa aplikasi sing ngapusi utawa mblasukake, kalebu:
    • Cloaking: Cloaking yaiku upaya kanggo nyingkiri kabijakan konten kita kanthi sengaja nampilake konten sing beda sajabane platform, kayata URL utawa aplikasi, marang sistem integritas kita dibandhingake karo apa sing ditampilake marang pangguna.
    • Sesambungan sing Mblasukake: Konten sing ngamot sesambungan sing njanjekake salah sawijining jinis konten, nanging nampilake konten sing beda banget. Iki bisa nyakup konten ing aplikasi utawa perangkat lunak sing dijanjekake.
    • Prilaku ngarahake maneh sing ngapusi: Situs web sing mbutuhake tumindak (contone, captcha, tonton iklan, klik ing kene) kanggo ndeleng konten kaca tujuan sing dikarepake lan jeneng domain URL sing diowahi sawise tumindak kasebut ditindakake, utawa kanthi otomatis ngarahake pangguna menyang domain sing beda banget tanpa tumindak saka pangguna.
    • Kuwajiban menehi seneng/andum: Majibake pangguna kanggo interaksi (kanthi wujud nyenengi, ngandumake, ngetutake, utawa interaksi publik liyane) supaya ngentukake akses menyang konten eksklusif tertamtu.
    • Fungsionalitas platform sing apus-apus: Niru fitur utawa fungsionalitas layanan utawa fungsionalitas kita, kayata niru penggalangan dana, poling sajrone konten, tombol puter, utawa tombol Seneng sing ora ana utawa ora fungsi, supaya pangguna mbukak sesambungan.
    • Fungsionalitas kaca tujuan sing ngapusi: Situs web sing nduweni antarmuka pangguna sing mblasukake, sing nyababake traffic sing ora disengaja muncul (contone, pop-up/pop-under, clickjacking, lsp.). Iki kalebu taktik jebakan, yaiku nalika pop-up sing ora relevan muncul ing wektu wong arep metu saka kaca tujuan.
    • Memba kaca tujuan utawa domain: Kaca tujuan, URL, utawa situs web utawa domain eksternal sanjabane platform sing ethok-ethok dadi merek utawa layanan sing bisa dipercaya kanthi nggunakake jeneng, domain, utawa konten sing nampilake salah ketik, salah eja, utawa cara liyane kanggo memba-memba situs web, domain, utawa merek kesuwur nggunakake kaca tujuan sing memper karo situs sing bisa dipercaya liyane.
    • Panggunaan sesambungan sing ngapusi liyane, utawa sesambungan sing memper karo sing kasebut ing ndhuwur.
  • Sanajan mangkono, kita ora nglarang:
    • Nindakake promosi silang sing ora nglibatake pambayaran menyang pihak katelu
    • Menehi tanggung jawab admin utawa moderator kanggo kaca utawa grup menyang pangguna liya adhedhasar minat dheweke menyang kaca utawa grup kasebut, lan ora adhedhasar nilai.
    • Mosting utawa ngandumake Konten Merek sing wis diidentifikasi kanthi cetha.
Pangalaman pangguna
Deleng saperangan conto bab panegakan kanggo wong-wong ing Facebook, kayata: cara nglapurake prakara sing miturut sampeyan ora oleh ana ing Facebook, dikabari yen sampeyan wis nglanggar Standar Komunitas kita, lan ndeleng layar panyaruwe tumrap konten tartamtu.
Cathetan: Kita tansah ngupayakake dadi luwih apik, mula sing sampeyan deleng ing kene mungkin rada kadaluwarsa dibandhingake karo sing kita gunakake saiki.
PANGALAMAN PANGGUNA
Nglapurake
PANGALAMAN PANGGUNA
Komunikasi sawise lapuran
PANGALAMAN PANGGUNA
Pangalaman pambusakan
PANGALAMAN PANGGUNA
Layar panyaruwe
Data
Deleng Lapuran Panegakan Standar Komunitas sing paling anyar
Panegakan ukum
Kita duwe kabijakan sing padha ing saindenging ndonya, kanggo sapa wae sing ana ing Facebook.
Tim paninjoan
Tim global kita sing luwih saka 15.000 paninjo kerja saben dina kanggo njaga supaya Facebook aman.
Interaksi pamangku kapentingan
Ahli saka njaba, akademisi, LSM, lan panentu kabijakan mbantu menehi info kanggo nggawe Standar Komunitas Facebook.
Njaluk pitulungan babagan spam
Sinaoni apa sing bisa sampeyan tindakake nalika ndeleng samubarang ing Facebook sing nglanggar Standar Komunitas kita.
Bukak Pusat Pitulungan