Praktik Komersial sing Dilarang

Rincian kabijakan

LOG PERUBAHAN
Dhasar Pranatan
Tujuan kita kanggo nglindhungi pangguna lan bisnis supaya ora diapusi babagan dhuwit, properti, utawa informasi pribadi. Kanggo nindakake kuwi, kita nglarang konten lan prilaku sing nggunakake praktik komersial sing dilarang. Iki kalebu tawa lowongan panggawean utawa program pamarentah palsu, umpan selebriti lan merek, skema investasi (kalebu dhuwit balen sing dijamin), skema keringanan utang lan ndandani kredit, skema cepet sugih lan giveaway, skema romansa, lan skema amal.
Kita ngidini wong-wong kanggo nggugah kesadaran, ngajari wong liya, lan ngecam scam sarta praktik komersial sing dilarang liyane, angger dheweke ora mbukak informasi sensitif utawa mromosekake scam kasebut.
Kanggo kabijakan sing gegandhengan karo Dokumen sing Dilarang lan Layanan Keuangan, deleng Standar Komunitas Barang lan Layanan sing Diwatesi.
Panegakan kita ora sampurna, lan kita bisa uga ora ndeteksi kabeh planggaran kabijakan. Kanggo nyinaoni luwih jangkep babagan carane nemokake konten apus-apus lan apa sing bisa sampeyan tindakake kanggo mbantu nglindhungi sampeyan dhewe, bukak Pusat Proteksi Scam kita.
Panegakan
Kita bisa nindakake macem-macem tumindak panegakan, kalebu nanging ora winates kanggo mbusak konten lan iklan, nyuda distribusi, matesi akun iklan, matesi fitur, njaluk verifikasi, utawa nonaktifake akun. Tumindak iki bisa ditindakake minangka asil saka deteksi proaktif kita dhewe, utawa minangka laporan saka entitas sing dipercaya lan masukan pangguna (sing diterangake ing ngisor iki).
Masukan Pangguna
Masukan pangguna mbantu kita ngidentifikasi praktik komersial sing nyebabake pangalaman pangguna sing ora apik. Kita nimbang-nimbang sinyal kayata pola sing konsisten utawa volume masukan negatif sing ora proporsional, lan kita ngandumake masukan sing relevan marang pangiklan lan padagang supaya dheweke bisa ningkatake konten lan rasa marem pelanggan. Nalika masukan negatif terus ana sanajan wis kerep diwenehi aruh-aruh, kita bisa nindakake tumindak ing ndhuwur, nganti matesi utawa nonaktifake akun utawa entitas sing tanggung jawab. Iki kalebu panegakan babagan praktik kayata:
  • Panetepan rega sing mblasukake utawa ora lumrah.
  • Ora kirim: gagal ngirim prodhuk utawa layanan sing dituku sawise pambayaran.
  • Salah nggambarake prodhuk: mromosekake prodhuk utawa layanan sing beda karo sing diiklanake, kalebu kualitas sing beda banget utawa item sing salah.
  • Tagihan ora sah: nagih cara pambayaran pelanggan tanpa otorisasi sadurunge utawa pangungkaban sing cetha.
  • Palanggaran kabijakan retur utawa dhuwit balen: ora nindakake kabijakan dhuwit balen utawa retur sing dinyatakake.
  • Praktik langganan sing ngapusi: ndhaptarake pelanggan ing rencana pambayaran ambal-ambalan utawa layanan langganan tanpa pangungkaban sarat sing cetha.
  • Pranala sing katon ngarah menyang situs komersial sing sah, nanging nyatane ngarah menyang situs scam.
Kita ora ngidini:
Konten sing nggunakake taktik apus-apus kanggo mblasukake wong utawa bisnis supaya entuk bathi komersial utawa finansial, kalebu nanging ora winates kanggo:
Konten Utang sing Dilarang
Iki kalebu:
  • Tawa utang sing majibake pangguna mbayar beya sadurunge entuk utang.
  • Tawa utang sing njamin pasetujon tanpa nyebutake kriteria pasetujon standar, kayata informasi finansial saka panampa utang.
Konten Judi sing Dilarang
Iki kalebu:
  • Nawakake layanan judi dhuwit nyata (“Dhuwit nyata” yaiku mata uang sing nyata sing bisa digunakake kanggo tuku barang utawa layanan ing ndonya nyata, kalebu mata uang nasional kayata Dolar AS lan mata uang virtual kaya Bitcoin):
    • kanthi jaminan menang.
    • kanthi nyatakake utawa ngakoni yen wis ngatur asil tetandhingan utawa kompetisi.
    • kanthi ngajak wong ngatur asli tetandhingan utawa njaluk pitulungan utawa tips kanggo ngatur tetandhingan utawa kompetisi.
    • mromosekake layanan judi kanthi cara sing ngapusi utawa ora cetha (kayata teks sing ora ana ubungane dipasangake karo gambar/video promo judi)
  • Tawa sing mromosekake layanan saka vendor judi sing dikenal apus-apus.
Game kasino sing nuduhake simulasi judi tanpa peluang menangake dhuwit nyata dicakup dening Standar Komunitas babagan Barang lan Layanan sing Diwatesi.
Konten Investasi sing Dilarang
Iki kalebu:
  • Tawa peluang investasi ing kahanan bathi investasi wis dijamin utawa bebas risiko.
  • Nawakake peluang investasi sing bathi investasi utawa kompensasi sabagean utawa kanthi jangkep didhasarake menyang rekrutmen wong liya kanggo partisipasi ing skema kasebut.
  • Tawa peluang investasi sing ngeklaim utawa referensine kinerja utawa bathi sing kasil mbiyen kanggo nggawe ekspektasi asil sing memper ing dina mbesuk.
  • Tawa peluang investasi sing njanjekake bathi cepet (kayata kurang saka 24 jam).
  • Nawakake kanggo ngowahi jumlah dhuwit dadi jumlah sing gedhe liwat totohan utawa trik utawa strategi sing eksplisit nyebutake “totohan tunai”, “totohan dhuwit”, utawa istilah sing memper.
Konten Amal sing Dilarang
Iki kalebu:
  • Panjalukan apus-apus kanggo dhuwit utawa sumbangan kanggo gerakan amal.
Konten Romansa sing Dilarang
Iki kalebu:
  • Upaya apus-apus kanggo mbangun ubungan romatis online kanthi nggolek kanca utawa ubungan non-seksual lan nawakake utawa njaluk dhuwit, utawa sing imbang nilaine minangka imbalan.
Konten Merek utawa Umpan Selebriti sing Dilarang
Iki kalebu:
  • Scam umpan merek, sing ngatutake pranyatan palsu sing ngeklaim makili, utawa makili swara, bisnis utawa entitas sing wis ana, bebarengan karo taktik mblasukake kanggo ngajak wong-wong interaksi karo konten kuwi kanggo scam utawa ngapusi.
  • Scam umpan selebriti, sing ngatutake panggunaan jeneng, rupa, utawa gambar tokoh publik kanthi salah, bebarengan karo taktik mblasukake kanggo ngumpan wong-wong supaya interaksi karo konten kuwi kanthi upaya scam utawa ngapusi.
Konten Dilarang Babagan Carane Dadi Sugih Kanthi Cepet
Iki kalebu:
  • Nawakake peluang hadiah keuangan sing ora lumrah minangka imbalan kanggo upaya sing ora cetha utawa minimal.
Konten Nyata, Spiritual, utawa Illuminati sing Dilarang
Iki kalebu:
  • Nawakake hadiah nyata, kayata dhuwit, barang, utawa layanan sing nduwe nilai dhuwit kalebu mata uang fisik, digital, lan virtual, sarta barang lan layanan fisik utawa digital kanggo keanggotaan utawa gabung menyang asosiasi, aliran, sekte agama (contone, paseduluran iluminati).
  • Nawakake hadiah nyata kanggo nggunakake sihir utawa mantra jahat, utawa barang sihir (contone, mantra, jimat kabegjan, amulet, token, ramuan, dompet ajaib, lsp.).
Konten Asuransi sing Dilarang
Iki kalebu:
  • Nawakake asuransi palsu sing diskone gedhe kanthi njaluk beya ing wiwitan, kayata beya administrasi utawa deposito.
  • Nawakake asuransi palsu sing diskone gedhe kanthi njanjekake ngirit akeh ing asuransi dibandhingake panyedhiya asuransi konvensional.
Konten Panggawean sing Dilarang
Iki kalebu:
  • Tawa panggawean sing ora ngatutake informasi babagan perusahaan lan katrangan panggawean, mung nuduhake lowongan panggawean.
  • Nawakake kerja saka omah ananging jabatan sing ana nuduhake yen pegawe ora bisa WFH.
  • Nawakake penggawean kanthi njanjekake gaji ing sadurunge.
  • Nawakake penggawean sing dijamin.
  • Nawakake penggawean kanthi panjalukan beya wiwitan sadurunge penggawean diwenehake.
Konten Pamulihan Kredit lan Keringanan Utang sing Dilarang
Iki kalebu:
  • Njanjekake bakal mbebasake utawa nyuda utang kanthi jumlah tertamtu ing jangka wektu tertamtu.
  • Njanjekake bakal mungkasi kabeh tagihan utawa gugatan utang.
  • Njanjekake bakal mbusak informasi kredit saka lapuran kredit utawa nggawe “identitas kredit” anyar.
Konten Giveaway sing Dilarang
Iki kalebu:
  • Tawa palsu babagan hadiah dhuwit nyata utawa barang konsumen sing dijamin (kayata elektronik, kendaraan, utawa perhiasan) tanpa tumindak sing diperlokake pangguna saliyane ngandumake informasi pribadi utawa finansial.
  • Tawa dhuwit palsu saka hibah utawa program pamarentah.
Konten Beya Sadurunge sing Dilarang
Iki kalebu:
  • Kanthi ngapusi njanjekake dhuwit minangka imbalan kanggo beya/transfer dhuwit/pambayaran sadurunge.
Tanpa mangaruhi prakara ing ndhuwur, kita ora nglarang konten sing ngecam, mbangun kesadaran, utawa ndhidhik wong liya babagan scam utawa praktik komersial sing dilarang liyane, tanpa ngungkab informasi sensitif utawa mromosekake praktik kasebut.
Saliyane mbusak akun sing nglanggar pranatan Praktik Komersial sing Dilarang, sistem otomatis kita uga nimbang-nimbang maneka warna tandha prilaku kanggo mbantu ngenali lan matesi kontak sing ora dikarepake sarta paparan marang aktivitas scam sing bisa uga kedadeyan.
  • Kita bisa uga nonaktifake akun utawa matesi akses menyang prodhuk lan fitur (contone, kabisan kanggo ngirim pesen menyang akun tartamtu) adhedhasar kombinasi prilaku kayata ngirim pesen sing ora dijaluk marang wong sing ora sampeyan tutake, sengaja menehi gambaran sing salah babagan lokasi sampeyan, utawa dadi admin komunitas (contone, Kaca) sing wis kita busak amarga nglanggar pranatan scam kita.
Kanggo Standar Komunitas ing ngisor, kita mbutuhake informasi lan/utawa konteks tambahan kanggo ditrapake:
Kita bisa mbusak konten sing:
  • Ngatutake tumindak apus-apus utawa scam sing wis dilapurake dening entitas sing bisa dipercaya.
  • Ngrekrut wong kanggo partisipasi ing gugatan kelompok nggunakake taktik sing ngapusi, kayata memba-memba dadi entitas pamarentah utawa platform warta, utawa nggunakake klaim sing sensasional utawa digedhe-gedhekake.
  • Ngatutake entitas sing melu utawa ngakoni melu tumindak apus-apus utawa scam sing diatur, kalebu panggunaan sawetara akun ing layanan kita kanthi bebarengan kanggo nindakake tumindak apus-apus.
Kita ngidini konten sing dicakup dening kabijakan iki nalika diposting ing konteks ngecam, ndhidhik, nggugah kasadharan, utawa nglapurake warta.
Policy Rationale
We aim to protect users and businesses from being deceived out of their money, property, or personal information. To do so, we prohibit content and behavior that employ prohibited commercial practices. This includes false job or government program offers, celebrity and brand bait, investment schemes (including guaranteed returns), debt relief and credit repair schemes, get-rich-quick and giveaway schemes, romance schemes, and charity schemes.
We allow people to raise awareness of, educate others about, and condemn scams and other prohibited commercial practices, provided they do not reveal sensitive information or promote them.
For policies related to Prohibited Documents and Financial Services, see the Restricted Goods and Services Community Standards.
Our enforcement isn’t perfect, and we may not detect all policy violations. To learn more about how to spot deceptive content and what you can do to help protect yourself, visit our Scam Protection Center.
Enforcement
We may take a range of enforcement actions, including but not limited to removing content and ads, reducing distribution, restricting advertising accounts, limiting features, requiring verification, or disabling accounts. These actions may result from our own proactive detection, or be informed by reports from trusted entities and user feedback (described below).
User Feedback
User feedback helps us identify commercial practices that create poor user experiences. We consider signals such as consistent patterns or disproportionate volumes of negative feedback, and we share relevant feedback with advertisers and sellers so they can improve their content and customer satisfaction. Where negative feedback persists despite warnings, we may take the actions above, up to restricting or disabling the responsible accounts or entities. This includes taking enforcement on practices such as:
  • Misleading or unreasonable pricing.
  • Non-delivery: failure to deliver purchased products or services after payment has been made.
  • Product misrepresentation: promoting products or services that materially differ from what was advertised, including significant discrepancies in quality or incorrect items.
  • Unauthorized charges: charging a customer’s payment method without prior authorization or clear disclosure.
  • Violation of return or refund policies: failure to honor stated refund or return policies.
  • Deceptive subscription practices: enrolling customers in recurring payment plans or subscription services without clear disclosure of terms.
  • Links that appear to lead to legitimate commercial sites but instead lead to scam sites.
We do not allow:
Content that uses deceptive tactics to mislead people or businesses for commercial or financial gain, including but not limited to:
Prohibited Loan Content
This includes:
  • Loan offers requiring the user to pay an upfront fee to obtain a loan.
  • Loan offers that guarantee approval without any mention of standard approval criteria, such as financial information from the borrower.
Prohibited Gambling Content
This includes:
  • Offers of real money gambling services (“Real money” is real-world currency that can be used to buy goods or services in the real world, including national currencies such as U.S. Dollars and virtual currencies such as Bitcoin):
    • with a guarantee of winning.
    • implying or admitting to have rigged the outcome of a game or match
    • soliciting people to enable match fixing or looking for help or tips on how to fix a match or game
    • promoting gambling services in deceptive or obfuscated ways (such as unrelated text paired with a gambling promo image/video)
  • Offers that promote services from known deceptive gambling vendors.
Social casino games that simulate gambling with no opportunity to win real money are covered by our Community Standard for Restricted Goods and Services.
Prohibited Investment Content
This includes:
  • Offers of investment opportunities where returns on investment are guaranteed or risk-free.
  • Offers of investment opportunities where returns on investment or compensation is partly or fully based on recruitment of others to participate in the scheme.
  • Offers of investment opportunities claiming or referencing successful past performance or returns to create an expectation of similar future results.
  • Offers of investment opportunities that claim quick returns (such as under 24 hours).
  • Offers to turn a certain sum of money into a larger one through flipping or trick or strategy involving explicit mentions of “cash flip,” "money flip,” or similar terminology.
Prohibited Charity Content
This includes:
  • Fraudulent requests for money or donations for charitable causes.
Prohibited Romance Content
This includes:
  • Fraudulent attempts to establish online romantic relationships by seeking non-sexual companionship or relationship and offering or asking for money or its equivalent in exchange.
Prohibited Brand or Celebrity-Bait Content
This includes:
  • Brand-bait scams, which involve falsely claiming to represent, or speak in the voice of, an established business or entity, together with misleading tactics to bait people into engaging with the content in an attempt to scam or defraud.
  • Celebrity-bait scams, which involve falsely using the name, likeness, or imagery of a public figure, together with misleading tactics to bait people into engaging with the content in an attempt to scam or defraud.
Prohibited Get Rich Quick Content
This includes:
  • Offers of opportunities of unrealistic financial reward for unclear or minimal effort.
Prohibited Tangible, Spiritual or Illuminati Content
This includes:
  • Offers tangible rewards, such as money, goods, or services that have a monetary value including physical, digital and virtual currencies, and physical or digital goods and services for membership in or joining an association, cult, religious sect (for example, the Illuminati brotherhood).
  • Offers tangible rewards for using black magic or spells or magical items (for example, spells, lucky charms, amulets, tokens, potions, magic wallet, etc.).
Prohibited Insurance Content
This includes:
  • Offers of false, heavily discounted insurance with requests for an up-front fee, such as an administration fee or deposit.
  • Offers of false, heavily discounted insurance with promises of significant savings on insurance compared to conventional insurance providers.
Prohibited Job Content
This includes:
  • Offers of jobs containing no information about the employer and job specifications, simply referencing job vacancies.
  • Offers of work from home but the job title implies the employee cannot WFH.
  • Offers of jobs with advance promises of salary.
  • Offers of guaranteed jobs.
  • Offers of jobs with a demand for an advance fee before the job is granted.
Prohibited Debt Relief and Credit Repair Content
This includes:
  • Promises to eliminate or reduce debt by a particular amount in a set period of time.
  • Promises to stop all debt collections or lawsuits.
  • Promises to remove credit information from credit reports or create new "credit identity."
Prohibited Giveaway Content
This includes:
  • False offers of a guaranteed reward of real money or consumer goods (such as electronics, vehicles, or jewelry) without any action required by the user beyond sharing personal or financial information.
  • False offers of money from government grants or programs.
Prohibited Advance Fee Content
This includes:
  • Falsely promises money in exchange for an up-front fee/wire transfer/payment.
Notwithstanding the above, we do not prohibit content that condemns, raises awareness of, or educates others about scams or other prohibited commercial practices, without either revealing sensitive information or promoting them.
In addition to removing accounts that violate our Prohibited Commercial Practices policy, our automated systems consider a range of behavioral signals to help identify and limit unwanted contact and exposure to potential scam activity.
  • We may disable accounts or restrict access to products and features (e.g. the ability to message certain accounts) based on a combination of behaviors such as sending unsolicited messages to people who you do not follow, deliberately misrepresenting your location, or being an admin of communities (e.g. Pages) we have removed for violating our scam policies.
For the following Community Standards, we require additional information and/or context to enforce:
We may remove content that:
  • Involves frauds or scams that have been reported by a trusted entity.
  • Recruits people to participate in class action lawsuits using deceptive tactics, such as impersonating a government entity or news outlet, or using sensationalist or exaggerated claims.
  • Involves entities participating in or claiming to engage in organized fraud or scam behavior, including the use of multiple accounts on our services in concert to perpetrate fraudulent behaviors.
We allow content that is otherwise covered by this policy when posted in condemnation, educational, awareness raising, or news reporting contexts.