Palanggaran Privasi

Rincian kabijakan

LOG PERUBAHAN
Dhasar Kabijakan
Layanan kita tujuane kanggo nglindhungi privasi lan informasi pribadi pangguna kita. Kita bener-bener ngupayakake kanggo njaga identitas informasi sampeyan, sarta kita ora ngidini wong mosting jinis informasi pribadi utawa rahasia tertamtu babagan awake dhewe utawa wong liya. Kita uga menehi cara marang wong-wong kanggo nglapurake gambar sing dheweke yakini nglanggar hak privasine dheweke.
Kita mbusak konten sing ngandumake, nawakake, utawa njaluk informasi pribadi sing bisa nyababake cilaka fisik utawa finansial, kalebu informasi finansial, panggonan, lan medis, sarta informasi pribadi sing dientukake saka sumber ilegal. Kita ngakoni yen informasi pribadi uga bisa sumadhiya kanthi publik liwat liputan warta, pangajoan pengadilan, siaran pers, utawa sumber liyane. Nalika prakara kuwi kedadeyan, kita bisa uga ngidini informasi kuwi diposting.
Kita duwe watesan tambahan kanggo konten sing mbayar. Sanajan kita ngidini iklan sing nyedhiyakake pengalaman pangguna sing positif kanthi fokus ing peprincen prodhuk utawa layanan, kita mbusak iklan sing ngeksploitasi masalah pribadi pangguna, menehi gambaran sing negatif utawa ora akurat babagan pangguna, utawa nuduhake informasi pribadi sensitif kanthi implisit. Kanggo informasi sing luwih jangkep babagan aturan privasi konten sing mbayar, deleng Standar Iklan babagan Palanggaran Privasi lan Atribut Pribadi.
Kita ora ngidini:
Konten sing ngandumake utawa njaluk informasi pribadi, ing layanan kita utawa liwat sesambungan eksternal, kaya ing ngisor iki:
Katrangan Pribadi sing Bisa Diidhentifikasi (PII)
  • Konten sing ngandumake Katrangan Pribadi sing Bisa Diidhentifikasi (informasi sing kanthi unik bisa ngidhentifikasi individu) duweke wong sing mosting utawa wong liya. Iki kalebu:
    • Nomor idhentifikasi nasional, kayata nomor jaminan sosial (SSN), nomor paspor, utawa nomor pokok wajib pajak individu (ITIN).
    • ID pamarentah kanggo panegakan ukum, militer, utawa petugas kaamanan.
    • Cathetan utawa dokumen resmi cathetan sipil, kayata buku nikah, surat lair, surat pati, cathetan ganti jeneng, utawa dokumen pangenalan jinis kelamin.
    • Dokumen imigrasi lan status kerja, kayata kertu ijo, idi kerja, utawa visa.
  • Konten sing njaluk Informasi Pribadi sing Bisa Diidhentifikasi duweke wong liya
Informasi Kontak Pribadi
  • Konten sing ngandumake informasi kontak pribadi duweke wong liya, kajaba nalika dipublikasi dening individu kasebut utawa nalika diandumake utawa dijaluk kanggo mromosekake gerakan amal, menehi fasilitas kanggo nemokake wong ilang, kewan, utawa pamilik barang ilang, utawa ngubungi bisnis utawa panyedhiya layanan (kajaba ditetepake yen informasi kontak pribadi diandumake tanpa idi saka individu kasebut).
Informasi panggonan.
  • Konten sing ngandumake alamat panggonan pribadi duweke wong liya kanthi jangkep, kalebu jeneng bagunan utawa sematan ing peta sing ngidhentifikasi alamat (sanajan sematan kasebut ana ing sesambungan sanjabane platform), kajaba kanthi konteks ngisor iki:
    • nalika diandumake kanggo mromosekake gerakan amal, menehi fasilitas kanggo nemokake wong ilang, kewan, utawa pamilik barang ilang, utawa ngubungi bisnis utawa panyedhiya layanan
    • nalika panggonan kuwi omah dinas utawa kedutaan sing disedhiyakake kanggo pejabat publik sing pangkate dhuwur
  • Konten sing ngandumake sabagean alamat panggonan pribadi duweke wong liya (kajaba nalika panggonan kuwi omah dinas utawa kedutaan sing disedhiyakake kanggo pejabat publik sing pangkate dhuwur):
    • Nalika diandumake ing konteks ngatasi protes utawa ngawasi warga lan lokasi panggonan kuwi diidhentifikasi kanthi salah sawijining perkara ing ngisor iki:
      • Dalan
      • Kutha utawa lingkungan (mung kanggo kutha sing penduduke kurang saka 50.000 wong)
      • Kode pos
      • Pin GPS utawa pining peta sing ngenali alamat (sanajan pin kuwi ana ing sesambungan njaba platform)
    • Gambar sing nuduhake tampilan eksternal panggonan pribadi yen kabeh katemtuan ing ngisor ditrapake:
    • Panggonan kuwi omah kulawarga tunggal, utawa nomer satuan penduduk/jeneng bangunan sing diidhentifikasi ing gambar/katrangan.
    • Lokasi manggon sing diidhentifikasi minangka salah siji saka ngisor iki:
      • Dalan
      • Kutha utawa lingkungan (mung kanggo kutha sing penduduke kurang saka 50.000 wong)
      • Kode pos
      • Pin GPS utawa pining peta sing ngenali alamat (sanajan pin kuwi ana ing sesambungan njaba platform)
    • Konten sing ngidhentifikasi warga.
    • Nalika warga kuwi nolak panggonan pribadine diungkab, utawa ana konteks ngatasi protes tumrap warga.
    • Gambar panggonan ora diandumake amarga panggonan kuwi dadi fokus pawarta (kajaba nalika diandumake ing konteks ngatasi protes tumrap warga kasebut)
  • Konten sing njaluk informasi panggonan pribadi duweke wong liya (kajaba nalika panggonan kasebut omah dinas utawa kedutaan sing disedhiyakake kanggo pejabat publik sing pangkate dhuwur)
  • Konten sing njaluk lokasi panggonan palindhungan utawa ngungkab informasi babagan panggonan palindhungan kanthi ngandumake perkara ing ngisor iki (kajaba panggonan palindhungan kuwi kanthi aktif mromosekake informasi babagan fasilitase)
    • Alamat nyata (Cathetan: "Mung Kothak Pos" kuwi diidini)
    • Gambar panggonan palindhungan
    • Kutha/lingkungan panggonan palindhungan sing bisa diidhentifikasi
    • Informasi sing ngungkab idhentitas wong sing manggon ing panggonan palindhungan
Informasi medis:
  • Konten sing ngandumake utawa njaluk informasi medis, psikologis, biometrik, utawa turunan genetik/turunan wong liya (kalebu nalika ditampilake kanthi visual utawa diandumake liwat audio utawa video), nalika wis cetha yen informasi kuwi saka cathetan medis utawa dokumen resmi liyane.
Informasi finansial
  • Konten sing ngandumake utawa njaluk informasi finansial pribadi babagan wong sing mosting utawa wong liya, yaiku informasi finansial individu, kalebu:
    • Cathetan utawa lapuran finansial non-publik.
    • Nomer rekening bank karo kode utawa pin kaamanan.
    • Informasi metode pambayaran digital karo peprincen mlebu, kode kaamanan utawa pin.
    • Informasi kertu kredit utawa kertu debit karo tanggal validitas utawa pin utawa kode kaamanan.
  • Konten sing ngandumake utawa njaluk informasi finansial non-publik duweke bisnis utawa organisasi, yaiku informasi babagan finansial bisnis utawa organisasi, kajaba nalika asline diandumake dening organisasi kasebut (kalebu sing diandumake sabanjure kanthi konteks asline wutuh) utawa diandumake kanggo sarat lapuran publik (contone, kaya sing diwajibake dening bursa saham utawa lembaga otoritas), kalebu:
    • Cathetan utawa lapuran finansial non-publik
    • Nomer rekening bank mawa kode utawa pin kaamanan.
    • Informasi cara pambayaran digital mawa peprincen login, kode kaamanan, utawa pin.
Informasi sing dientukake saka sumber sing dibajak
  • Konten sing diklaim dening wong sing mosting utawa dikonfirmasi asale saka sumber sing dibajak, tanpa ndeleng apa wong sing kena pengaruh kuwi tokoh publik utawa individu pribadi.
Konten ing ngisor uga bisa dibusak:
  • Poto utawa videone wong sing dilapurake yen wong kasebut ditampilake ing gambar kuwi:
    • Bocah durung cukup umur sing kurang saka 13 taun, lan konten sing dilapurake dening bocah durung cukup umur utawa wong tuwa utawa wali sah.
    • Bocah durung cukup umur antarane 13 lan 18 taun, lan konten kuwi dilapurake dening bocah durung cukup umur.
    • Wong diwasa, sing kontene wis dilapurake dening wong diwasa ing njabane Amerika Serikat lan ukum sing ditrapake bisa uga menehi hak kanggo mbusak konten kuwi.
    • Sapa wae sing ora mampu utawa ora bisa nglapurake konten dhewe.
Kanggo Standar Komunitas ing ngisor, kita mbutuhake informasi lan/utawa konteks tambahan kanggo ditrapake:
  • Gambaran Individu & Fasilitas Medis, yaiku konten sing nampilake individu ing fasilitas medis utawa kesehatan utawa individu utawa bocah durung cukup umur sing mlebu utawa metu saka fasilitas medis utawa kesehatan, lan dilapurake dening:
    • Wong sing ana ing gambar
    • Perwakilan wong sing ana ing gambar
    • Fasilitas medis utawa kesehatan sing nduweni tanggung jawab prawatan kanggo wong sing ana ing gambar kasebut, utawa
    • Fasilitas medis utawa kesehatan sing makaryakake wong sing ana ing gambar kasebut
  • Materi sumber sing dimaksudake kanggo ngungkab informasi non-publik sing relevan karo pemilu sing diandumake minangka bagean saka operasi pengaruh pamarentah asing.
    • Kita mbusak lapuran babagan kebocoran dening entitas media sing dikontrol negara saka negara sing nyababake kebocoran kasebut.
Pangalaman pangguna
Deleng saperangan conto bab panegakan kanggo wong-wong ing Facebook, kayata: cara nglapurake prakara sing miturut sampeyan ora oleh ana ing Facebook, dikabari yen sampeyan wis nglanggar Standar Komunitas kita, lan ndeleng layar panyaruwe tumrap konten tartamtu.
Cathetan: Kita tansah ngupayakake dadi luwih apik, mula sing sampeyan deleng ing kene mungkin rada kadaluwarsa dibandhingake karo sing kita gunakake saiki.
PANGALAMAN PANGGUNA
Nglapurake
PANGALAMAN PANGGUNA
Komunikasi sawise lapuran
PANGALAMAN PANGGUNA
Pangalaman pambusakan
PANGALAMAN PANGGUNA
Layar panyaruwe
Panegakan ukum
Kita duwe kabijakan sing padha ing saindenging ndonya, kanggo sapa wae sing ana ing Facebook.
Tim paninjoan
Tim global kita sing luwih saka 15.000 paninjo kerja saben dina kanggo njaga supaya Facebook aman.
Interaksi pamangku kapentingan
Ahli saka njaba, akademisi, LSM, lan panentu kabijakan mbantu menehi info kanggo nggawe Standar Komunitas Facebook.
Njaluk pitulungan babagan palanggaran privasi
Sinaoni apa sing bisa sampeyan tindakake nalika ndeleng samubarang ing Facebook sing nglanggar Standar Komunitas kita.
Bukak Pusat Pitulungan