Misinformasi

Rincian kabijakan

LOG PERUBAHAN
Dhasar Kabijakan
Misinformasi iku beda karo jinis kategori liyane sing diterangake ing Standar Komunitas amarga ora ana cara kanggo nyatakake dhaptar jangkep babagan perkara sing dilarang. Dibandhingake konten sadis utawa tumindak sengit, contone, kabijakan kita nemtokake konten sing dilarang, lan wong sing ora setuju karo kabijakan kasebut isih bisa ngetutake aturan kuwi. Ananging babagan misinformasi, kita ora bisa nyedhiyakake aturan sing kaya mangkono. Ndonya iki terus-terusan owah, lan apa sing bener saiki durung mesti bener ing wektu liyane. Wong-wong uga nduwe tingkat informasi sing beda babagan ndonya ing saindhenging dheweke, lan bisa uga percaya yen perkara iku bener senajan nyatane kleru. Kabijakan sing mung nglarang “informasi sing kleru” ora bakal menehi pawartos sing migunani kanggo wong sing nggunakake layanan kita lan ora bakal bisa ditegakake, amarga kita ora nduwe akses sing sampurna marang informasi.
Minangka gantine, kabijakan kita nerangake macem-macem kategori informasi sing kleru lan nyoba menehi pandhuan sing cetha babagan cara kita nangani wicara kasebut nalika kita weruh. Kanggo saben kategori, pendekatan kita nuduhake upaya kita kanggo ngimbangi pangaji ekspresi, kaslametan, martabat, bab asline, lan privasi.
Kita mbusak misinformasi nalika konten kasebut kayane duwe kontribusi langsung tumrap risiko mbebayani fisik ing wektu cedhak. Kita uga mbusak konten sing kayane duwe kontribusi langsung tumrap interferensi proses pulitik. Nalika nemtokake apa sing dianggep misinformasi ing kategori iki, kita mbangun kamitran karo ahli independen sing duwe kawruh lan keahlian kanggo mriksa fakta lan kontribusi konten kasebut tumrap risiko mbebayani ing wektu cedhak. Iki kalebu, contone, mbangun kamitran karo organisasi hak asasi manungsa sing ana ing lapangan ing sawijining negara kanggo nemtokake fakta babagan rumor konflik sipil.
Kanggo misinformasi liyane, kita fokus kanggo nyuda prevalensi utawa mujudake lingkungan sing nuwuhake dialog produktif. Kita ngerti yen wong-wong kerep nggunakake informasi sing kleru kanthi cara sing ora mbebayani, kayata kanggo ngluwih-ngluwihake (“Tim iki nduwe cathetan sing paling ala ing sejarah olahraga!”) utawa ing guyonan utawa satir (“Bojoku lagi wae menang Bojo Tahun Iki.”) Dheweke uga bisa ngandumake pangalamane liwat crita sing isine ora akurat. Ing sawetara kasus, wong-wong ngandumake opini sing dheweke percaya banget ananging wong liya nganggep kuwi salah utawa ngandumake informasi sing dheweke percaya bener ananging wong liya nganggep kuwi ora jangkep utawa mblasukake.
Amarga kadadeyan kuwi kerep muncul, kita fokus kanggo nyedhiyakake informasi sing migunani kanggo pangguna nalika ana konten sing bisa mblasukake utawa mbingungake. Minangka bagean saka upaya kasebut, sajabane Amerika Serikat, kita memitran karo organisasi pamriksan fakta pihak katelu ing akeh negara kanggo ninjo lan mbiji akurasi konten sing paling viral ing platform kita (deleng ing kene lan ing kene kanggo ngerteni pendekatan kita ing Amerika Serikat). Diwiwiti ing Amerika Serikat, kanthi program Cathetan Komunitas wong-wong bisa nambahake konteks tambahan menyang postingan Facebook, Instagram, lan Threads sing duwe potensi mblasukake utawa mbingungake (deleng ing kene). Kita uga nyedhiyakake referensi kanggo nambah literasi digital lan media supaya wong-wong bisa nemtokake dhewe apa sing kudu diwaca, dipercaya, lan diandumake. Kita majibake pangguna kanggo ngungkab, kanthi nggunakake alat pangungkaban AI kita, nalika dheweke mosting konten organik nganggo video potorealistis utawa audio swara realistis sing digawe utawa diowahi kanthi digital, lan kita ngetrapake dhendha yen dheweke ora nindakake kaya sing diwajibake. Kita uga bisa nambahake label menyang konten tertamtu sing digawe utawa diowahi kanthi digital sing duwe risiko dhuwur kanggo mblasukake wong tumrap masalah kapentingan umum.
Pungkasane, kita nglarang konten lan pertingkah ing wilayah liyane sing kerep jumbuh karo panyebaran informasi sing kleru. Contone, Standar Komunitas kita nglarang akun palsu, apus-apus, lan pertingkah digawe-gawe sing dikoordinasi.
Amarga lingkungan online lan offline terus owah lan berkembang, kita bakal terus ngembangake kabijakan iki. Kanggo akun sing bola-bali ngandumake misinformasi sing kadhaptar ing ngisor iki, saliyane konten dheweke ditegakake miturut kabijakan iki, panyebaran konten akun kasebut bisa uga disuda lan kabisan nayangake iklan bakal diwatesi, utawa konten akun kasebut bakal dibusak saka platform kita. Informasi tambahan babagan apa sing bisa kedadeyan nalika Meta mbusak konten bisa dideleng ing kene.
Pandhuan
Misinformasi sing kita busak:
Kita bakal mbusak jinis misinformasi ing ngisor iki:
I. Cilaka Fisik utawa Tumindak Aniaya
Kita mbusak misinformasi utawa gosip sing durung bisa diverifikasi sing wis ditemtokake mitra ahli menawa kanthi langsung bisa nyebabake risiko tumindak aniaya utawa cilaka fisik sing bisa kedadeyan marang wong. Kita nerangake misinformasi minangka konten karo klaim sing dianggep salah karo pihak katelu sing duwe wewenang. Kita nerangake gosip sing durung bisa diverifikasi minangka klaim sing sumbere angel banget dikonfirmasi dening mitra ahli utawa ora bisa dilacak, sing ora ana sumber resmi, sing ora ana peprincen sing nyukupi kanggo mbantah klaim kasebut, utawa klaim kasebut mamang banget utawa ora mlebu nalar banget kanggo dipercaya.
Kita ngerti yen kadhangkala misinformasi sing katon ora mbebayani, ing konteks tertamtu, bisa nyilakani kanthi offline, kayata ancaman tumindak angkara sing bisa ngundhakake risiko pati, tatu nemen, utawa cilaka fisik liyane. Kita kerja bebarengan karo jaringan global lembaga swadaya masyarakat (LSM), organisasi nirlaba, organisasi kamanungsan, lan organisasi internasional sing duwe keahlian babagan dinamika lokal kasebut.
Ing negara-negara sing ngalami mundhake risiko tumindak aniaya sosial, kita kerja kanthi proaktif karo mitra lokal kanggo mangerteni klaim palsu sing bisa langsung nyababake risiko cilaka fisik. Kita banjur nyoba ngidentifikasi lan mbusak konten sing nggawe klaim kaya mengkono ing platform kita. Contone, kanthi konsultasi karo ahli lokal, kita bisa mbusak media sing metu saka konteks, sing ngaku-ngaku nggambarake tumindak aniaya, korban utawa pelaku aniaya, senjata, utawa perangkat keras militer.
II. Misinformasi Babagan Kasehatan sing Mbebayani
Kita konsultasi karo organisasi kasehatan sing unggul kanggo ngenali misinformasi babagan kasehatan sing bisa langsung nyebabake cilaka marang kasehatan lan kaslametan masarakat. Misinformasi babagan kasehatan sing mbebayani sing kita busak kalebu ing ngisor iki:
  • Misinformasi babagan vaksin. Kita mbusak misinformasi utamane babagan vaksin nalika pihak kasehatan masarakat sing duwe wewenang nyimpulake yen informasi kasebut salah lan bisa uga kanthi langsung nyebabake sapa wae nolak nampa vaksin. Kuwi kalebu:
    • Vaksin nyababake autisme (Contone: "Vaksinasi sing saya akeh dadi sabab akeh bocah ngalami autisme saiki.")
    • Vaksin nyebabake Sindrom Bayi Mati Dumadakan (Contone: "Apa sampeyan ora ngerti vaksin nyababake Sindrom Bayi Mati Dumadakan?"
    • Vaksin nyababake penyakit sing samesthine kudu dilindhungi nganggo vaksin kuwi, utawa nyababake wong sing nampa vaksin luwih gampang kena penyakit kasebut (Contone: "Vaksin pancen nggawe sampeyan luwih gampang kena penyakit amarga ana bagean penyakit kasebut ing njerone. Awas!”)
    • Vaksin utawa bahan-bahane bisa mateni, ngracuni, ngandhut racun, utawa mbebayani (Contone: "Ora apa-apa sampeyan vaksin, yen sampeyan pengin nglebokake racun ing awak.")
    • Kekebalan alami luwih aman tinimbang kekebalan saka vaksin (Contone: "Paling aman kena penyakit tinimbang vaksin.")
    • Nampa saperangan vaksin ing wektu sing cedhak kuwi mbebayani, sanajan wektu kasebut disaranake miturut medis (Contone: "Aja nampa luwih saka siji vaksin bebarengan, iku bisa mbebayani - aku ora perduli apa sing diomongake dokter sampeyan!")
    • Vaksin ora efektif kanggo nyegah penyakit sing kudune dilindhungi nganggo vaksin kasebut. Ananging, kanggo vaksin COVID-19, flu, lan malaria, kita ora ngilangi klaim yen vaksin kasebut ora efektif kanggo nyegah wong kena infeksi virus kasebut. (Contone: Busak – "Vaksin polio ora duwe fungsi apa-apa kanggo nyegah sampeyan kena penyakit kasebut"; Busak – "Vaksin nyatane ora duwe fungsi apa-apa kanggo nyegah sampeyan kena penyakit"; Idini – "Vaksin kasebut ora ngalangi sampeyan kena COVID-19, mula sampeyan isih kudu njaga jarak sosial lan nganggo masker nalika ana ing cedhake wong liya.")
    • Campak ora bisa nyababake pati (mbutuhake informasi lan/utawa konteks tambahan) (Contone:) "Aja kuwatir yen sampeyan kena campak, ora bisa nyababake pati.")
    • Vitamin C padha efektife kaya vaksin kanggo nyegah penyakit kaya sing ana vaksine.
  • Misinformasi babagan kasehatan sasuwene darurat kasehatan masarakat. Kita mbusak misinformasi sajrone darurat kasehatan umum nalika pihak kasehatan masarakat sing nduwe wewenang nyimpulake yen informasi kasebut salah lan bisa uga langsung nyebabake risiko cilaka fisik, kalebu kanthi nyebabake risiko indhividhu bisa nyebarake penyakit sing mbebayani utawa nolak vaksin sing gegandhengan. Kita ngenali darurat kasehatan masarakat ing sajrone memitran karo otoritas kasehatan global lan lokal.
  • Mromosekake utawa nganjurake pangobatan ajaib sing mbebayani kanggo masalah kasehatan. Iki kalebu pangobatan sing pangetrape disaranake, ing konteks kasehatan, bisa langsung nyababake risiko tatu nemen utawa pati, lan pangobatan kasebut ora nduweni panggunaan kasehatan sing sah (contone: pamutih, disinfektan, salep ireng, soda kaustik).
III. Campur Tangan Pamilih utawa Sensus
Ing upaya kanggo ngapikake integritas pemilu lan sensus, kita mbusak misinformasi sing mbok menawa langsung nyababake risiko campur tangan tumrap kabisane wong kanggo partisipasi ing proses kasebut. Iki kalebu perkara ing ngisor iki:
  • Misinformasi babagan tanggal, panggonan, lan wektu, sarta metodhe kanggo milih, pandhaptaran pamilih, utawa partisipasi sensus.
  • Misinformasi babagan sapa sing bisa milih, kualifikasi kanggo milih, apa swara bakal dietung, sarta informasi lan/utawa materine kudu disedhiyakake kanggo menehake swara.
  • Misinformasi babagan apa kandidat kuwi maju nyalonake utawa ora.
  • Misinformasi babagan sapa sing bisa partisipasi ing sensus lan informasi utawa materi apa sing kudu disedhiyakake kanggo partisipasi.
  • Misinformasi babagan partisipasi pamarentah ing sensus, kalebu, nalika bisa ditrapake, yen informasi sensus individu bakal diandumake menyang lembaga pamarentah (non-sensus) liyane.
  • Klaim palsu utawa sing ora bisa dibuktekake yen U.S. Immigration and Customs Enforcement (ICE) AS ana ing panggonan pamungutan swara.
  • Klaim palsu sing terang-terangan nyatakake yen wong bakal kena infeksi COVID-19 (utawa penyakit nular liyane) yen dheweke partisipasi ing proses pamilihan.
  • Klaim palsu babagan kahanan sing saiki ing panggonan pamungutan swara ing AS sing ndadekake ora mungkin kanggo nindakake pamungutan swara, kayadene sing diverifikasi otoritas pemilu
Kita duwe kabijakan tambahan sing dimaksudake kanggo nyakup tumindak aniaya, dhukungan kanggo partisipasi ilegal, lan gangguan sing dikoordinasi ing pemilu, sing dituduhake ing bagean liya tandar Komunitas kita.
Kanggo konten sing kasebut iki, kita ngatutake label informatif:
Media sing Dimanipulasi
Media bisa diowahi nganggo macem-macem cara. Ing pirang-pirang kasus, owah-owahan kasebut ora mbebayani, kayata konten sing dikethok utawa digawe cekak amarga alasan artistik utawa ditambahi musik. Ing kasus liyane, manipulasi ora katon cetha lan bisa mblasukake.
  • Konten sing Digawe utawa Diowahi kanthi Digital sing Mbokmenawa Mblasukake. Kanggo konten sing ora nglanggar Standar Komunitas, kita mbokmenawa masang label informatif ing ngarepe konten – utawa nolak konten sing dikirim minangka iklan – nalika konten kasebut awujud gambar utawa video potorealistis, utawa audio sing krungune kaya nyata, sing digawe utawa diowahi kanthi digital lan materine bisa ngapusi wong babagan masalah sing penting kanggo publik.
Pangalaman pangguna
Deleng saperangan conto bab panegakan kanggo wong-wong ing Facebook, kayata: cara nglapurake prakara sing miturut sampeyan ora oleh ana ing Facebook, dikabari yen sampeyan wis nglanggar Standar Komunitas kita, lan ndeleng layar panyaruwe tumrap konten tartamtu.
Cathetan: Kita tansah ngupayakake dadi luwih apik, mula sing sampeyan deleng ing kene mungkin rada kadaluwarsa dibandhingake karo sing kita gunakake saiki.
PANGALAMAN PANGGUNA
Nglapurake
PANGALAMAN PANGGUNA
Komunikasi sawise lapuran
PANGALAMAN PANGGUNA
Pangalaman pambusakan
PANGALAMAN PANGGUNA
Layar panyaruwe
Panegakan ukum
Kita duwe kabijakan sing padha ing saindenging ndonya, kanggo sapa wae sing ana ing Facebook.
Tim paninjoan
Tim global kita sing luwih saka 15.000 paninjo kerja saben dina kanggo njaga supaya Facebook aman.
Interaksi pamangku kapentingan
Ahli saka njaba, akademisi, LSM, lan panentu kabijakan mbantu menehi info kanggo nggawe Standar Komunitas Facebook.
Njaluk pitulungan babagan misinformasi
Sinaoni apa sing bisa sampeyan tindakake nalika ndeleng samubarang ing Facebook sing nglanggar Standar Komunitas kita.
Bukak Pusat Pitulungan