Nggunakake Kekayaan Intelektual lan Lisensi Meta

Rincian kabijakan

LOG PERUBAHAN
Dhasar Kabijakan
Meta nyedhiyakake sumber informasi kanggo pangembangan, palindhungan, lan panggunaan kekayaan intelektual kanthi trep. Kabijakan iki mbantu kanggo mesthekake yen kekayaan intelektual Meta ora digunakake kanthi cara ora sah, tanpa idi tinulis sadurunge, utawa kanthi cara sing ora selaras karo Pusat Sumber Informasi Merek.
Aja mosting konten sing:
  • Nuduhake panggunaan merek:
    • Nggunakake hak cipta utawa merek dagang Meta tanpa idi tinulis sadurunge saka Meta utawa kanthi cara sing dilarang dening Pusat Sumber Informasi Merek Meta.
    • Makili salah siji merek Meta kanthi ndadekake merek kasebut sing paling khas utawa katon ing materi iklan.
    • Modifikasi aset merek Meta kanthi cara, kayata ngowahi desain utawa warna, utawa nggunakake aset kanthi efek khusus utawa animasi.
  • Nuduhake dhukungan merek:
    • Nuduhake, tanpa idi tinulis sadurunge saka Meta, kabeh dhukungan utawa kamitran karo salah siji merek Meta.
    • Nuduhake, tanpa idi tinulis sadurunge saka Meta, dhukungan dening salah siji teknologi, program, utawa merek Meta (kayata Facebook, Instagram, utawa WhatsApp).
  • Nggambarake antarmuka pangguna saka prodhuk kanthi cara sing:
    • Gambaran sing ora akurat babagan tampilan, fitur, utawa fungsi paling anyar saka prodhuk.
    • Ngowahi antarmuka pangguna kanthi cara, kayata nambahake efek khusus, interferensi, utawa animasi.
    • Nggunakake elemen antarmuka pangguna kanthi kapisah utawa siji-siji
    • Ora nggambarake antarmuka pangguna ing konteks perangkat sing relevan kayata seluler utawa desktop.
  • Nggunakake musik utawa konten liyane kanthi cara sing nglanggar pasetujon lisensi musik Meta.
  • Streaming konten Facebook Watch sing diduweni lan/utawa duwe lisensi eksklusif Meta tanpa pasetujon tinulis sadurunge.
  • Nggunakake hak kekayaan intelektual sing diduweni Meta tanpa idi tinulis sadurunge.
  • Nggunakake tandha sing memper banget karo merek dagang Meta.
Kita Mbusak:
  • Akun sing bola-bali nglanggar kabijakan iki, kalebu kanthi nggawe akun anyar sawise dibusak.
Kita ngidini konten sing nggunakake hak kekayaan intelektual sing diduweni lan/utawa duwe lisensi Meta kanthi cara sing:
Pangalaman pangguna
Deleng saperangan conto bab panegakan kanggo wong-wong ing Facebook, kayata: cara nglapurake prakara sing miturut sampeyan ora oleh ana ing Facebook, dikabari yen sampeyan wis nglanggar Standar Komunitas kita, lan ndeleng layar panyaruwe tumrap konten tertamtu.
Cathetan: Kita tansah ngupayakake dadi luwih apik, mula sing sampeyan deleng ing kene mungkin rada kadaluwarsa dibandhingake karo sing kita gunakake saiki.
PANGALAMAN PANGGUNA
Nglapurake
PANGALAMAN PANGGUNA
Komunikasi sawise lapuran
PANGALAMAN PANGGUNA
Pangalaman pambusakan
PANGALAMAN PANGGUNA
Layar panyaruwe
Panegakan ukum
Kita duwe kabijakan sing padha ing saindenging ndonya, kanggo sapa wae sing ana ing Facebook.
Tim paninjoan
Tim global kita sing luwih saka 15.000 paninjo kerja saben dina kanggo njaga supaya Facebook aman.
Interaksi pamangku kapentingan
Ahli saka njaba, akademisi, LSM, lan panentu kabijakan mbantu menehi info kanggo nggawe Standar Komunitas Facebook.
Njaluk pitulungan babagan nggunakake kekayaan intelektual lan lisensi Meta
Sinaoni apa sing bisa sampeyan tindakake nalika ndeleng samubarang ing Facebook sing nglanggar Standar Komunitas kita.
Bukak Pusat Pitulungan