Dhasar Kabijakan
Nalika wong tilar donya, kanca lan kulawarga bisa njaluk kita supaya akun dheweke didadekake akun kenangan. Sawise didadekake kenangan, tembung “Ngeling-eling” bakal muncul sandhuwure jeneng profil wong sing wis tilar donya, dadi akun kasebut saiki dadi situs kenangan. Dadekake kenangan akun mbantu nggawe ruang kanggo ngeling-eling wong sing ditresnani lan nglindhungi tumrap upaya login lan aktivitas apus-apus. Kanggo ngurmati pilihan wong nalika isih urip, kita nduwe maksud kanggo njaga akun tetep lestari tanpa diowahi sawise dheweke tilar donya.Ing Facebook, kita ngidini wong-wong ngidhentifikasi kontak waris kanggo njaga akun wong kasebut sawise tilar donya. Kanggo ndhukung pihak sing kelangan, ing sawetara kasus tertamtu kita bisa uga mbusak utawa ngganti konten tartamtu nalika kontak waris utawa anggota kulawarga njaluk kuwi.
Panjalukan kanggo ndadekake kenangan akun Facebook utawa Instagram sing diduweni pangguna sing wis tilar donya bisa ditindakake kanthi njaluk informasi sing dibutuhake saka:
Kanca Facebook
Pangikut Instagram
Anggota kulawarga kanthi dokumen sing cocog
Kanggo korban rajapati lan nglalu, kita bakal mbusak konten ngisor iki ing Facebook lan Instagram yen muncul ing poto profil, poto sampul wong sing wis tilar donya, utawa postingan linimangsa paling anyar nalika dijaluk dening anggota kulawarga wong sing wis tilar donya kasebut. Kita bisa uga mbusak konten ing Facebook nalika dijaluk dening konten waris Facebook:
Konten sing gegandhengan karo patine wong sing wis tilar donya
Pepujian utawa dhukungan kanggo patine, penyakit sing diduweni, utawa tumindak ala tumrap wong sing wis tilar donya
Gambaran visual objek sing digunakake ing patine wong kang wis tilar donya
Gambar wong sing didakwa utawa diterka mateni wong kang wis tilar donya
Status ubungan utawa status kekancan saka wong sing didakwa utawa diterka mateni wong sing wis tilar donya
Kanggo Standar Komunitas ngisor iki, kita mbutuhake informasi lan/utawa konteks tambahan kanggo nindakake owah-owahan ing ngisor iki nalika dijaluk dening perwakilan resmi saka wong sing wis tilar donya lan mung ing Facebook, dening kontak waris:
Mbusak komentar sing nglanggar ing profil kenangan, kang biyasane majibake individu kanggo nglapurake dhewe supaya kita ngerti yen komentar kasebut ora dikarepake
Ngowahi setelan privasi wong sing wis tilar donya saka umum dadi mung kanca nalika ana konten mbebayani ing profil kasebut
Ngowahi jeneng ing profil yen nglanggar Standar Komunitas, adhedhasar kabijakan Jeneng Asli kita
Nambahake kanca utawa pangikut menyang profil yen wis dibusak sawise patine wong sing wis tilar donya