Konten, Prodhuk, utawa Layanan Ilegal miturut Ukum Lokal

Rincian kabijakan

LOG PERUBAHAN
Dhasar Kabijakan
Nalika regulator utawa entitas pamarentah percaya yen konten ing layanan kita nglanggar ukum lokal, regulator utawa entitas pamarentah iku bisa njaluk kita matesi konten kasebut. Entitas non-pamarentah lan anggota masyarakat uga bisa ngirim lapuran sing nyatakake yen konten kasebut ora sah. Kita uga bisa nampa perintah pengadilan.
Nalika kita nampa lapuran utawa perintah, kita ninjo dhisik perkara kuwi adhedhasar Standar Komunitas. Yen kita nemtokake konten kasebut nglanggar kabijakan, kita mbusak konten kuwi. Yen konten ora nglanggar kabijakan kita, nanging selaras karo komitmen kita minangka anggota Global Network Initiative lan Kabijakan Hak Asasi Manungsa Perusahaan, kita nindakake tinjoan ukum kanthi ngati-ati uga uji tuntas hak asasi manungsa kanggo nemtokake apa lapuran kuwi valid.
Ing kasus yen kita yakin lapuran kuwi ora sah miturut ukum, sipate amba banget, utawa ora konsisten karo standar hak asasi manungsa internasional, kita bisa njaluk klarifikasi utawa ora tumindak apa-apa.
Nalika kita nindak konten adhedhasar ukum lokal lan dudu Standar Komunitas kita, kita ngupayakake kanggo matesi akses menyang konten kasebut mung ing yurisdhiksi panggonan konten kuwi diduga nglanggar ukum lan ora menehi sanksi utawa matesi fiture. Kita uga ngabari pangguna sing kena pengaruh.
Kita uga nerbitake lapuran sing njlentrehake kepiye kita ninjo lapuran babagan konten sing nglanggar ukum lokal lan kedadeyan nalika kita matesi akses menyang konten ing kasus kaya mangkono, sing sumadhiya ing kene.
Pangalaman pangguna
Deleng saperangan conto bab panegakan kanggo wong-wong ing Facebook, kayata: cara nglapurake prakara sing miturut sampeyan ora oleh ana ing Facebook, dikabari yen sampeyan wis nglanggar Standar Komunitas kita, lan ndeleng layar panyaruwe tumrap konten tartamtu.
Cathetan: Kita tansah ngupayakake dadi luwih apik, mula sing sampeyan deleng ing kene mungkin rada kadaluwarsa dibandhingake karo sing kita gunakake saiki.
PANGALAMAN PANGGUNA
Nglapurake
PANGALAMAN PANGGUNA
Komunikasi sawise lapuran
PANGALAMAN PANGGUNA
Pangalaman pambusakan
PANGALAMAN PANGGUNA
Layar panyaruwe
Panegakan ukum
Kita duwe kabijakan sing padha ing saindenging ndonya, kanggo sapa wae sing ana ing Facebook.
Tim paninjoan
Tim global kita sing luwih saka 15.000 paninjo kerja saben dina kanggo njaga supaya Facebook aman.
Interaksi pamangku kapentingan
Ahli saka njaba, akademisi, LSM, lan panentu kabijakan mbantu menehi info kanggo nggawe Standar Komunitas Facebook.
Njaluk pitulungan babagan konten, prodhuk, utawa layanan ilegal
Sinaoni apa sing bisa sampeyan tindakake nalika ndeleng samubarang ing Facebook sing nglanggar Standar Komunitas kita.
Bukak Pusat Pitulungan