Palanggaran Kekayaan Intelektual Pihak Katelu

Rincian kabijakan

LOG PERUBAHAN
Dhasar Kabijakan
Meta nangani hak kekayaan intelektual kanthi serius lan duwe komitmen kanggo nglindhungi hak iki nalika ndhukung kebebasan ekspresi, kreativitas, lan inovasi ing ruang kanthi kapercayan komunitas.
Amarga iki, kita negakake kabijakan tumrap postingan konten sing nglanggar hak kekayaan intelektual wong liya kalebu hak cipta, merek dagang, utawa hak ukum liyane. Kita nerbitake informasi babagan lapuran kekayaan intelektual sing kita tampa ing Lapuran Transparansi Kekayaan Intelektual.
Kanggo nglapurake konten sing dianggep nglanggar hak kekayaan intelektual, bukak Pusat Pitulungan Kekayaan Intelektual, bukak kaca Palindhungan Bisnis, utawa pratimbangake njaluk akses menyang Palindhungan Hak Merek.
Sawise nampa lapuran saka sing duwe hak utawa perwakilan resmi, kita bakal mbusak utawa matesi konten sing melu ing:
  • Palanggaran hak cipta.
  • Palanggaran merek dagang.
  • Adol utawa promosi barang tiron
  • Afiliasi palsu karo merek
  • Palanggaran tumrap hak kekayaan intelektual utawa hak kekayaan liyane
Kita uga mbusak konten sing:
  • Ngemot tandha sing nuduhake yen konten kasebut adol utawa promosi barang bermerek palsu
  • Ngemot sesambungan sajabane platform menyang situs web khusus kanggo adol utawa promosi barang sing dicurigani tiron
  • Adol utawa mromosekake barang sing dicurigani tiron sing padha utawa memper banget karo konten sing sadurunge wis dilapurake minangka tiron dening pamilik hak
  • Ngandumake, mromosekake, utawa menehi fasilitas kanggo palanggaran hak cipta
Kita mbusak akun sing:
  • Melu ing palanggaran sing dibolan-baleni tumrap kabijakan iki.
Kita ngidini konten sing ngentukake idi saka pamilik hak lan ngetutake prinsip panggunaan lumrah sing ditetapake
Pangalaman pangguna
Deleng saperangan conto bab panegakan kanggo wong-wong ing Facebook, kayata: cara nglapurake prakara sing miturut sampeyan ora oleh ana ing Facebook, dikabari yen sampeyan wis nglanggar Standar Komunitas kita, lan ndeleng layar panyaruwe tumrap konten tertamtu.
Cathetan: Kita tansah ngupayakake dadi luwih apik, mula sing sampeyan deleng ing kene mungkin rada kadaluwarsa dibandhingake karo sing kita gunakake saiki.
PANGALAMAN PANGGUNA
Nglapurake
PANGALAMAN PANGGUNA
Komunikasi sawise lapuran
PANGALAMAN PANGGUNA
Pangalaman pambusakan
PANGALAMAN PANGGUNA
Layar panyaruwe
Panegakan ukum
Kita duwe kabijakan sing padha ing saindenging ndonya, kanggo sapa wae sing ana ing Facebook.
Tim paninjoan
Tim global kita sing luwih saka 15.000 paninjo kerja saben dina kanggo njaga supaya Facebook aman.
Interaksi pamangku kapentingan
Ahli saka njaba, akademisi, LSM, lan panentu kabijakan mbantu menehi info kanggo nggawe Standar Komunitas Facebook.
Entukake pitulungan babagan Palanggaran Kekayaan Intelektual Pihak Katelu
Sinaoni apa sing bisa sampeyan tindakake nalika ndeleng samubarang ing Facebook sing nglanggar Standar Komunitas kita.
Bukak Pusat Pitulungan