Sajrone ngupayakake nundha lan nyegah bebaya, kita mbusak konten sing nggampangake utawa ngatur eksploitasi manungsa, kalebu padagangan manungsa. Kita nemtokake padagangan manungsa minangka bisnis sing ngrampas kebebasane wong supaya entuk bathi. Iki wujud eksploitasi manungsa kanggo meksa dheweke melu ing seks komersial, kerja, utawa kagiyatan liyane sing nglawan kekarepane. Kagiyatan iki gumantung karo apus-apus, kekerasan, lan tumindak meksa, sarta ngasorake manungsa kanthi ngrampas kebebasan dheweke nalika kanthi ekonomi lan material menehi manpangat wong liya.
Padagangan manungsa kuwi akeh maceme lan sipate global; iki bisa ngaruh marang sapa wae tanpa ndeleng umur, latar sosioekonomi, etnis, jinis kelamin, utawa panggonan. Kagiyatan iki bisa maneka warna wujude, lan saben kahanan padagangan manungsa bisa ngatutake tahap perkembangan sing beda-beda. Amarga sipat pelecehan iki meksa, korban ora bisa nyetujoni.
Sanajan kita kudu ati-ati supaya ora nyampurake padagangan manungsa lan panyelundupan manungsa, loro perkara iku bisa ana ubungane lan nuduhake sipat sing tumpang tindhih. Perserikatan Bangsa-Bangsa nemtokake panyelundupan manungsa minangka tumindak nganakake utawa menehi fasilitas mlebu kanthi ilegal menyang negara sing ngliwati wates internasional. Tanpa meksa utawa nglakokake kekerasan, tumindak kuwi bisa uga isih nyebabake eksploitasi tumrap indhividhu sing rentan sing nyoba ninggalake negara asale, kanggo mujudake urip sing luwih kepenak. Panyelundupan manungsa kuwi tumindak durjana tumrap negara, ngandelake gerakan, lan padagangan manungsa kuwi tumindak durjana tumrap manungsa, ngandelake eksploitasi.
Saliyane konten sing ngecam, nggugah kesadharan babagan, utawa warta sing nglapurake masalah padagangan utawa panyeludupan manungsa, kita ngidini konten sing njaluk utawa ngandumake informasi babagan kaslametan pribadi lan nyebrang wates, nggolek pangayoman, utawa cara metu saka sawijining negara.
Aja mosting:
Konten, aktivitas, utawa interaksi sing ngajak, menehi fasilitas, utawa ngeksploitasi wong liwat bentuk perdagangan manungsa ing ngisor iki:
Padagangan seks (saben kagiyatan seksual komersial karo bocah durung cukup umur utawa saben kagiyatan seksual komersial karo wong diwasa kanthi tumindak kekerasan, apus-apus, utawa meksa)
Dodolan bocah utawa adopsi ilegal
Padagangan anak yatim piatu utawa wisata relawan panti asuhan
Nikah peksa (kalebu nikah sing dilakoni dening bocah)
Eksploitasi tenaga kerja (kalebu tenaga kerja sing kaiket)
Pahambanan ing omah
Padagangan organ sing ora regeneratif, ora kalebu panjupukan organ, sumbangan, utawa transplantasi ing konteks sumbangan organ sing ora eksploitatif
Kagiyatan kriminal sing dipeksa (conto, dipeksa ngemis, kagiyatan dagang narkoba sing dipeksa)
Rekrutmen tentara bocah
Konten sing nuduhake yen pihak katelu ngajak, menehi fasilitas, utawa manpangatake kagiyatan seksual komersial (kanthi finansial utawa liyane)
Konten sing nawakake kanggo nyedhiyani utawa menehi fasilitas panyelundupan manungsa
Konten sing njaluk layanan panyelundupan manungsa
Kita ngidini konten sing dicakup dening kabijakan iki nalika diposting ing konteks ngecam, ndhidhik, nggugah kasadharan, utawa nglapurake warta.
Miturut kabijakan babagan Eksploitasi Manungsa kita, paninjo lan sistem otomatis kita bisa uga nimbang-nimbang maneka warna sinyal tumindak kanggo mbantu ngenali lan tumindak tumrap akun sing nglanggar.
- Kita bisa mbusak akun adhedhasar interaksine karo akun liyane sing nglanggar, panggolekan utawa interaksi karo konten sing nglanggar utawa keanggotaan ing komunitas (contone Grup) sing wis kita busak amarga nglanggar kabijakan kita.
Kanggo Standar Komunitas ing ngisor, kita mbutuhake informasi lan/utawa konteks tambahan kanggo ditrapake: