Tumindak Apus-Apus, Scam, lan Ngapusi

Rincian kabijakan

LOG PERUBAHAN
Dhasar Kabijakan
Tujuan kita kanggo nglindhungi pangguna lan bisnis supaya ora diapusi babagan dhuwit, properti, utawa informasi pribadi. Kita mujudake iki kanthi mbusak konten lan merangi prilaku sing sengaja nggunakake cara ngapusi—kayata salah nggambarake sing disengaja, nyolong informasi, lan nggawe klaim sing digedhe-gedhekake—kanggo nindakake scam utawa ngapusi pangguna lan bisnis, utawa ningkatake interaksi. Iki kalebu konten sing ngoordinasi utawa mromosekake kagiyatan kuwi nggunakake layanan kita. Kita ngidini wong-wong kanggo mbangun kesadharan lan ndhidhik wong liyane sarta ngecam aktivitas kasebut.
Kita ora ngidini:
Konten sing ngupayakake scam utawa ngapusi pangguna lan/utawa bisnis kanthi cara:
Tumindak Apus-Apus lan Scam Utang
Konten sing:
  • Nawakake utang sing majibake pangguna mbayar beya sadurunge entuk utang.
  • Nawakake utang kanthi jaminan utawa meh dijamin bakal disetujoni, sing dinyatakake kanthi terang-terangan utawa implisit adhehasar konteks (kayata klaim nyetujoni utang tanpa njaluk informasi finansial).
  • Cathetan: Kita uga nggoleki tandha liyane kanggo nemtokake yen entitas mosting konten sing sah lan ora ngapusi, kayata menawa entitas kasebut kaverifikasi lan minangka bank utawa lembaga finansial.
Tumindak Apus-Apus lan Scam Judi
Konten sing:
  • Nawakake layanan judi dhuwit nyata (“Dhuwit nyata” yaiku mata uang sing nyata sing bisa digunakake kanggo tuku barang utawa layanan ing ndonya nyata, kalebu mata uang nasional kayata Dolar AS lan mata uang virtual kaya Bitcoin):
    • kanthi jaminan menang.
    • kanthi nyatakake utawa ngakoni yen wis ngatur asil tetandhingan utawa tetandhingan.
    • kanthi ngajak wong ngatur asli tetandhingan utawa njaluk pitulungan utawa tips men tetandhingan utawa tetandhingan.
Game kasino sing nuduhake simulasi judi tanpa peluang menangake dhuwit nyata miturut Standar Komunitas babagan Barang lan Layanan sing Diwatesi.
Tumindak Apus-Apus lan Scam Investasi utawa Finansial
  • Peluang Investasi. Konten sing:
    • Nawakake peluang investasi ing kahanan bathi investasi wis dijamin utawa bebas risiko.
    • Nawakake peluang investasi sing bathi investasi utawa kompensasi sabagean utawa kanthi jangkep didhasarake menyang rekrutmen wong liya kanggo partisipasi ing skema kasebut.
    • Nawakake peluang investasi sing sipate peluang “cepet sugih” lan/utawa ngeklaim yen investasi cilik bisa ngasilake bathi sing gedhe.
  • Totohan Dhuwit/Tunai. Konten sing:
    • Nawakake kanggo ngowahi jumlah dhuwit dadi jumlah sing gedhe liwat totohan utawa trik utawa strategi sing eksplisit nyebutake “totohan tunai”, “totohan dhuwit”, utawa istilah sing memper.
Tumindak Apus-Apus lan Scam Money Muling lan Pencucian Uang
  • Money Muling. Konten sing:
    • Nawakake utawa njaluk money muling (nyababake korban tanpa sadhar dadi peserta pencucian uang kanthi nawakake dhuwit utawa ngandumake bathi minangka imbalan amarga wis ngidini wong liya nggunakake rekening bank dheweke utawa nransfer dhuwit minangka jenenge wong liya).
    • Nawakake utawa njaluk money muling kanthi nawakake penggawean kanggo nampa lan nransfer dhuwit menyang pihak katelu nggunakake rekening bank korban.
  • Pencucian Uang. Konten sing:
    • Njaluk, ngajak, utawa nawakake supaya menehi fasilitas pencucian uang, yaiku upaya kanggo nggawe dhuwit sing dientukake kanthi ilegal minangka sah kanthi nyamarake asal dhuwit kanthi transaksi finansial sing njlimet, kalebu liwat cara ing ngisor iki:
      • Njaluk transfer dana liwat SWIFT (Society for Worldwide Interbank Financial Telecommunications) utawa cara sing memper,
      • Njaluk utawa nawakake peprincen babagan jinis rekening bank sing sumadhiya kanggo ndhukung nampa utawa nransfer dhuwit tunai.
Tumindak Apus-Apus lan Scam Identitas Palsu
Konten sing:
  • Ngupayakake scam utawa ngapusi pangguna kanthi salah nggambarake identitas wong sing mosting utawa sipate panjalukan:
    • Tumindak Apus-Apus lan Scam Amal, yaiku panjalukan apus-apus kanggo dhuwit utawa sumbangan kanthi tujuan amal sing ngatutake klaim yen sumbangan kasebut penting lan ngatutake informasi, kayata rekening bank, minangka tujuan kanggo ngirim dhuwit.
    • Tumindak Apus-Apus lan Scam Romansa, yaiku upaya apus-apus kanggo mbangun ubungan romatis online kanthi nggolek kanca utawa ubungan non-seksual lan nawakake utawa njaluk dhuwit, utawa sing imbang nilaine minangka imbalan.
    • Tumindak Apus-Apus lan Scam Bisnis/Entitas Nyata, sing ngatutake pranyatan palsu sing ngeklaim makili, utawa makili swara bisnis utawa lembaga sing nyata ana, kanggo scam utawa ngapusi.
Tumindak Apus-Apus lan Scam Prodhuk utawa Hadiah
  • Tumindak Apus-Apus lan Scam Hibah Pamarentah. Konten sing:
    • Kanthi ngapusi nawakake dhuwit saka hibah pamarentah utawa dana liyane saka pamarentah. Kita uga mratimbangake macem-macem tandha kanggo nemtokake yen entitas mosting konten sing sah lan ora ngapusi, kayata nalika diposting dening entitas kaverifikasi.
  • Tumindak Apus-Apus lan Scam Perkara Nyata, Spiritual, utawa Iluminati. Konten sing:
    • Nawakake hadiah nyata, kayata dhuwit, barang, utawa layanan sing duwe nilai dhuwit kalebu mata uang fisik, digital, lan virtual, sarta barang lan layanan fisik utawa digital kanggo keanggotaan utawa gabung menyang asosiasi, aliran, sekte agama (contone, paseduluran iluminati).
    • Nawakake hadiah nyata kanggo nggunakake sihir utawa mantra jahat, utawa barang sihir (contone, mantra, jimat kabegjan, amulet, token, ramuan, dompet ajaib, lsp.).
  • Tumindak Apus-Apus lan Scam Asuransi. Konten sing:
    • Nawakake asuransi palsu sing diskone gedhe kanthi njaluk beya ing wiwitan (beya admin, utawa deposito, utawa liyane).
    • Nawakake asuransi palsu sing diskone gedhe kanthi njanjekake ngirit akeh ing asuransi dibandhingake panyedhiya asuransi konvensional (minimal 30% luwih murah).
    • Cathetan: Kita uga nggoleki tandha liyane kanggo nemtokake yen entitas mosting konten sing sah lan ora ngapusi, kayata menawa entitas kasebut kaverifikasi lan minangka bank utawa lembaga finansial
  • Tumindak Apus-Apus lan Scam Penggawean. Konten sing:
    • Nawakake penggawean kanthi katrangan penggawean sing ora jelas utawa ambigu lan peluang cepet sugih sing njanjekake dhuwit kanthi investasi wektu winates lan upaya sethithik.
    • Nawakake penggawean tanpa menehi informasi penggawean, mung ngrujuk lowongan penggawean.
    • Nawakake kerja saka omah ananging jabatan sing ana nuduhake yen pegawe ora bisa WFH.
    • Nawakake penggawean kanthi njanjekake gaji sadurunge.
    • Nawakake penggawean sing dijamin.
    • Nawakake penggawean kanthi panjalukan beya wiwitan sadurunge penggawean diwenehake.
    • Cathetan: Kita uga nggoleki tandha liyane kanggo nemtokake yen entitas mosting konten sing sah lan ora ngapusi, kayata menawa entitas kasebut kaverifikasi
  • Tumindak Apus-Apus lan Scam Nyuda Utang lan Ndandani Kredit. Konten sing:
    • Njanjekake bakal mbusak utawa mbebasake, utawa nyuda utang kanthi jumlah tertamtu ing jangka wektu tertamtu.
    • Njanjekake bakal mungkasi utawa mbusak kabeh tagihan utawa gugatan utang.
    • Njanjekake bakal murungake utang liwat “program pamarentah anyar” utawa owah-owahan ukum utawa pranyatan sing imbang.
    • Njanjekake bakal mbusak informasi kredit saka lapuran kredit utawa nggawe “identitas kredit” anyar.
    • Cathetan: Kita uga nggoleki tandha liyane kanggo nemtokake yen entitas mosting konten sing sah lan ora ngapusi, kayata menawa entitas kasebut kaverifikasi lan minangka bank utawa lembaga finansial
  • Tumindak Apus-Apus lan Scam Giveaway. Konten sing:
    • Nawakake hadiah dhuwit nyata sing dijamin minangka imbalan nalika pangguna kudu:
      • Dhaptar ing sesambungan sanjabane situs.
      • Ngandumake Katrangan Pribadi sing bisa Diidhentifikasi (PII) utawa Informasi Pribadi Liyane.
      • Ngubungi ing njaba platform utawa ing platform liwat pesen pribadi.
      • Ora perlu tumindak apa-apa.
  • Tumindak Apus-Apus lan Scam Beya Sadurunge. Konten sing:
    • Kanthi ngapusi njanjekake dhuwit minangka imbalan kanggo beya/transfer dhuwit/pambayaran sadurunge.
Tumindak Apus-Apus lan Scam Dokumen Palsu
  • Dokumen Palsu utawa Dipalsu. Konten sing:
    • Nawakake kanggo ngajak, nggawe, adol, tuku, utawa dagang dokumen palsu utawa dipalsu.
    • Nawakake adol visa utawa kertu ijo.
    • Njamin visa utawa kertu ijo bakal disetujoni.
    • Ngidini pangguna bakal ngentukake pasetujon visa tanpa netepi sarat normal.
  • Mata Uang Palsu utawa Tiruan. Konten sing:
    • Nawakake adol, tuku, utawa dagang mata uang palsu utawa tiruan, kajaba mata uang game papan (contone, dhuwit Monopoli) nalika ana konteks cetha yen mata uang iku kanggo tujuan game papan.
  • Voucher Palsu utawa Tiruan. Konten sing:
    • Nawakake andum, adol, tuku, utawa dagang voucher palsu utawa tiruan.
    • Ngakoni, mromosekake, utawa ngajak nggunakake kupon utawa voucher fisik utawa digital kanggo nggayuh rega sing ora wajar:
      • nggunakake kupon utawa voucher kanggo tuku item saliyane sing dimaksudake ing kupon utawa voucher kasebut; utawa
      • nggunakake kupon utawa voucher kadaluwarsa.
  • Sertifikat pendhidhikan lan profesional palsu utawa dipalsu. Konten sing:
    • Nawakake adol, tuku, utawa dagang sertifikat pendhidhikan lan profesional palsu utawa dipalsu.
Tumindak Apus-Apus lan Scam Informasi, Barang, utawa Layanan Colongan
  • Tumindak Apus-Apus lan Scam Kertu (Carding) Konten sing:
    • Ngatutake tuku, adol, utawa dagang kertu kredit colongan utawa instrumen finansial liyane sing bisa digunakake kanggo tetukon sing ora sah (uga diarani "carding").
  • Tumindak Apus-Apus lan Scam PII. Konten sing:
    • Nawakake tuku, adol, utawa dagang Katrangan Pribadi sing Bisa Diidhentifikasi (PII) utawa Informasi Pribadi Liyane kajaba yen informasi kasebut duweke karakter fiksi.
  • Tumindak Apus-Apus lan Scam Ulasan Palsu. Konten sing:
    • Ngajak tuku, adol, utawa dagang ulasan/peringkat prodhuk.
    • Kanthi implisit utawa eksplisit menehi insentif pangguna kanggo menehi ulasan kanthi imbalan diskon, dhuwit balen, utawa item gratis.
  • Tumindak Apus-Apus lan Scam Langganan. Konten sing:
    • Nawakake tuku, adol, utawa dagang kredensial kanggo layanan langganan (kredensial login menyang layanan online sing njaluk pambayaran bola-bali ing interval wektu tertamtu) kanthi ngrujuk marang layanan online berbayar, utawa kanthi nyebutake jeneng utawa ngandumake logo.
    • Cathetan: Kita uga nggoleki tandha liyane kanggo nemtokake yen entitas mosting konten sing sah lan ora ngapusi, kayata menawa entitas kasebut kaverifikasi lan minangka bank utawa lembaga finansial.
  • Tumindak Apus-Apus lan Scam Curang. Konten sing:
    • Ngatutake andum, adol, dagang, utawa tuku:
      • kertas utawa lembaran wangsulan ujian ing dina mbesuk.
      • Prodhuk utawa layanan sing ngidini curang ing ujian.
      • Prodhuk utawa layanan sing ngidini lulus tes narkoba kanthi cara sing ora sah
Tumindak Apus-Apus lan Scam Panggunaan Perangkat Ora Sah
  • Tumindak Apus-Apus lan Scam Manipulasi Perangkat. Konten sing
    • Ngajak tuku, adol, dagang, utawa ngandumake perangkat sing dimanipulasi, diowahi, utawa palsu.
    • Ngakoni, mromosekake, utawa ngajak nggunakake manipulasi fisik perangkat kanggo nggayuh rega sing ora akurat.
  • Tumindak Apus-Apus lan Scam Konten Digital. Konten sing
    • Nawakake utawa njaluk prodhuk sing menehi fasilitas utawa ningkatake akses menyang konten digital kanthi cara sing ora sah. Cara iki kalebu ananging ora winates kanggo: set top box modifikasi, set top box sing wis diisi utawa diinstal KODI, lan layanan KODI.
Praktik Ngapusi lan Mblasukake
  • Praktik Kesehatan sing Mblasukake. Konten sing
    • Mromosekake klaim utawa jaminan kesehatan palsu utawa mblasukake ing konteks nyuda bobot awak kanthi taktik clickbait, kayata nggunakake basa sensasional sing digedhe-gedhekake utawa ekstrem.
Kanggo konten ngisor iki, kita matesi kabisan ndeleng konten kasebut kanggo wong diwasa, sing umure minimal 18 taun:
Konten sing
  • Njanjekake asil suda bobot tertamtu ing jangka wektu tertamtu tanpa kualifikasi utawa pranyatan selakan.
Saliyane perkara ing ndhuwur, kita ora nglarang konten sing ngecam, mbangun kesadharan, utawa ndhidhik wong liya babagan tumindak apus-apus lan scam, tanpa nuduhake informasi sensitif utawa mromosekake tumindak apus-apus utawa scam
Kanggo Standar Komunitas ing ngisor, kita mbutuhake informasi lan/utawa konteks tambahan kanggo ditrapake:
  • Kita bisa mbusak konten:
    • Sing ngatutake tumindak apus-apus/scam sing wis dilapurake dening entitas sing bisa dipercaya.
    • Sing gegandhengan karo sogokan utawa penggelapan.
    • Sing nawakake vaksin kanthi upaya scam utawa ngapusi pangguna.
    • Sing ngupayakake nggawe persona palsu, memba-memba dadi wong kesuwur, utawa nggunakake gambar saka wong kesuwur sing ora sah nalika ngupayakake scam utawa ngapusi.
    • Sing nawakake utawa njaluk prodhuk utawa layanan sing dirancang kanggo menehi fasilitas supaya bisa meneng-meneng ngawasi utawa ngrekam individu, contone kamera mata-mata, alat pelacak ponsel (kalebu sing ngidini nglacak nomer tilpun sing ora dikenal) utawa alat pengawasan sing didhelikake liyane.
    • Sing nawakake peluang ngrekrut penggugat supaya wong-wong partisipasi ing gugatan kelompok kanthi memba-memba dadi entitas pamarentah utawa platform warta, kanthi nggunakake basa sensasional, utawa nggunakake klaim sing digedhe-gedhekake.
    • Sing nawakake layanan langganan sing njaluk pangguna kanggo nglebokake Informasi Pribadi.
    • Kita ora ngidini entitas kanggo partisipasi utawa ngeklaim bakal partisipasi ing tumindak Apus-Apus utawa Scam sing diatur, kalebu panggunaan sawetara akun ing layanan kita kanthi bebarengan kanggo nindakake apus-apus.
Ing kasus tertamtu, kita ngidini konten sing menawa nglanggar Standar Komunitas nalika ditemtokake yen konten kuwi sipate satire. Konten mung bakal diidini yen elemen konten sing nglanggar digawe satire utawa digandhengake karo perkara utawa wong liyane kanggo ngece utawa ngritik dheweke.
Pangalaman pangguna
Deleng saperangan conto bab panegakan kanggo wong-wong ing Facebook, kayata: cara nglapurake prakara sing miturut sampeyan ora oleh ana ing Facebook, dikabari yen sampeyan wis nglanggar Standar Komunitas kita, lan ndeleng layar panyaruwe tumrap konten tertamtu.
Cathetan: Kita tansah ngupayakake dadi luwih apik, mula sing sampeyan deleng ing kene mungkin rada kadaluwarsa dibandhingake karo sing kita gunakake saiki.
PANGALAMAN PANGGUNA
Nglapurake
PANGALAMAN PANGGUNA
Komunikasi sawise lapuran
PANGALAMAN PANGGUNA
Pangalaman pambusakan
PANGALAMAN PANGGUNA
Layar panyaruwe
Panegakan ukum
Kita duwe kabijakan sing padha ing saindenging ndonya, kanggo sapa wae sing ana ing Facebook.
Tim paninjoan
Tim global kita sing luwih saka 15.000 paninjo kerja saben dina kanggo njaga supaya Facebook aman.
Interaksi pamangku kapentingan
Ahli saka njaba, akademisi, LSM, lan panentu kabijakan mbantu menehi info kanggo nggawe Standar Komunitas Facebook.
Njaluk pitulungan babagan tumindak apus-apus, scam, lan ngapusi
Sinaoni apa sing bisa sampeyan tindakake nalika ndeleng samubarang ing Facebook sing nglanggar Standar Komunitas kita.
Bukak Pusat Pitulungan