Organisasi lan Individu Mbebayani
Rincian kabijakan
LOG PERUBAHAN
Dina iki
19 Mar 2026
8 Feb 2024
29 Des 2023
29 Agt 2023
27 Apr 2023
23 Des 2021
24 Nop 2021
15 Okt 2021
26 Agt 2021
23 Jun 2021
22 Okt 2020
27 Agt 2020
27 Feb 2020
10 Okt 2019
27 Sep 2019
28 Des 2018
Dhasar Kabijakan
Nalika ngupayakake kanggo nyegah lan ngendhegake bebaya sing nyata, kita ora ngidini organisasi utawa individu sing nyatakake misi tumindak aniaya utawa sing melu tumindak aniaya ditampilake ing platform kita. Kita netepake nilaine entitas iki adhedhasar prilaku online lan offline, sing paling signifikan yaiku ubungane karo tumindak aniaya. Miturut kabijakan iki, kita ngarah marang individu, organisasi, lan jaringan wong. Panetepan iki dibagi dadi loro tingkat sing nuduhake tingkat panegakan konten, kanthi Tingkat 1 ngasilake panegakan sing paling amba amarga kita yakin entitas iki duwe ubungan langsung sing paling cedhak karo bebaya offline.
Tingkat 1 fokus ing entitas sing melu ing bebaya offline nemen - kalebu ngoordhinasi utawa ndhukung tumindak aniaya tumrap warga sipil, bola-bali tumindak sing ora manusiawi utawa ndhukung nyilakani wong adhedhasar karakteristik sing dilindhungi, utawa melu ing operasi tumindak durjana sing sistematis. Tingkat 1 kalebu organisasi sengit; organisasi kriminal, sing ngatutake organisasi sing ditetepake dening pamarentah AS minangka Specially Designated Narcotics Trafficking Kingpins (SDNTKs); lan organisasi teroris, kalebu entitas lan individu sing ditetepake dening pamarentah Amerika Serikat minangka Foreign Terrorist Organizations (FTOs) utawa Specially Designated Global Terrorists (SDGTs). Kita mbusak Tumindak Ngagungake, Ndhukung, lan Makili Tingkat 1 entitas, pimpinan, sing ngedekake, utawa anggota sing kesuwur, sarta referensi sing ora cetha babagan entitas kasebut.
Saliyane kuwi, kita ora ngidini konten sing ngagungake, ndhukung, utawa makili kedadeyan sing ditetepake Meta minangka kedadeyan aniaya sing nglanggar - kalebu serangan teroris, kedadeyan sengit, aniaya kanthi korban akeh utawa upaya aniaya kanthi korban akeh, rajapati terus-terusan, utawa tumindak kriminal amarga sengit. Kita uga ora ngidini (1) Tumindak Ngagungake, Ndhukung, lan Makili pelaku serangan kasebut; (2) konten sing digawe dening pelaku sing gegandhengan karo serangan kasebut; utawa (3) gambar pihak katelu sing nuduhake momen serangan marang korban sing katon. Kita uga mbusak konten sing Ngagungake, Ndhukung, utawa Makili ideologi sing mromosekake wicara sengit, kayata nazisme lan supremasi kulit putih. Kita mbusak referensi sing ora cetha babagan kedadeyan utawa ideologi sing ditetepake.
Tingkat 2 kalebu Pelaku Aniaya Non-Negara sing melu tumindak aniaya tumrap pelaku negara utawa militer ing konflik senjata ananging ora sengaja nargetake warga sipil. Iki uga kalebu Entitas sing Ngajak Tumindak Aniaya sing melu nyiapake utawa ndhukung tumindak aniaya ing dina mbesuk nanging durung mesthi melu nganti saiki. Entitas iki uga sing mbokmenawa bola-bali melu ing palanggaran kabijakan Tumindak Sengit utawa Organisasi lan Individu Mbebayani ing sajrone utawa sajabane platform. Kita mbusak Tumindak Ngagungake, Dhukungan Materi, lan Representasi entitas iki, pimpinane, sing ngedegake, utawa anggota sing kesuwur.
Kita ngerti yen pangguna bisa ngandumake konten sing ngatutake referensi babagan organisasi utawa individu sing dianggep mbebayani kanthi konteks wacana sosial lan pulitik. Iki kalebu konten sing nglapurake, ngrembug kanthi netral, utawa ngecam organisasi lan individu sing mbebayani utawa kagiyatane.
Lapuran Warta sing ngatutake informasi sing diandumake kanggo nggugah kesadharan babagan kedadeyan lokal utawa global sing ngatutake organisasi utawa indhividu sing dianggep mbebayani.
- Conto, “Warta Sela: Al-Shabab ngeklaim tanggung jawab tumrap serangan ing Somalia”
- Conto, “Linimangsa lan analisis ahli: Kepiye kedadeyan penembakan ing Buffalo Supermarket lan apa sing dinyatakake pelaku ing pengadilan”
Dhiskusi netral sing ngatutake pranyatan sing nyata, komentar, pitakonan, lan informasi liyane sing ora nuduhake putusan positif babagan organisasi utawa individu lan prilakune sing dianggep mbebayani.
- Conto, “Al Qaeda makili ancaman sing luwih cilik tinimbang ISIS amarga kirang kapemimpinan lan keuangan”
- Conto, “Anders Breivik kuwi salah sawijining conto sing nuduhake sepira kompleks proses radikalisasi”
Tumindak ngecam sing kalebu sikap ora setuju, jijik, nolak, kritik, ngece, utawa ekspresi negatif liya babagan organisasi utawa individu lan prilaku sing dianggep mbebayani.
- Conto, “Aku rumangsa eneg tumrap tumindak jahate Salvador Ramos. Tembunge hakim ndadekake aku trenyuh. Dheweke kudune ora diwenehi welas dening pengadilan”
- Conto, “Tumindak jahate Hitler ora bakal dilalekake. Ana sawetara momen paling nyusahake ing sejarah”
Kabijakan kita dirancang supaya nyedhiyakake panggonan kanggo jinis dhiskusi iki kanthi matesi tumrap risiko potensi bebaya offline. Mula kita majibake wong supaya nuduhake niate kanthi cetha nalika nggawe utawa ngandumake konten kaya kuwi. Yen niyat pangguna kuwi ambigu utawa ora cetha, kita mbusak konten kuwi kanthi default.
Selaras karo ukum hak asasi manungsa, kabijakan kita ngidini dhiskusi babagan hak asasi manungsa individu utawa anggota entitas mbebayani sing wis ditetepake, kajaba konten kasebut ngatutake tumindak ngagungake, ndhukung, utawa makili entitas sing wis ditetepake utawa planggaran kabijakan, kayata ngajak tumindak aniaya.
Deleng Kabijakan Hak Asasi Manungsa Perusahaan kanggo mangerti informasi jangkep babagan komitmen kita kanggo ngakoni hak asasi manungsa ing tingkat internasional.
Kita Mbusak:
Kita mbusak Tumindak Ngagungake, Ndukung, lan Makili saka macem-macem organisasi lan indhividhu sing mbebayani. Konsep iki ditrapake marang organisasi iku dhewe, kagiyatane, lan anggotane. Konsep iki ora nglarang advokasi damai kanggo asil pulitik tartamtu.
Tumindak ngagungake, ditemtokake minangka salah siji saka perkara ing ngisor:
- Menehi legitimasi utawa mbelani tumindak aniaya utawa sengit saka entitas sing ditetepake kanthi ngeklaim manawa tumindak kasebut duwe justifikasi moral, politik, logis, utawa liyane sing nggawe tumindak kasebut bisa ditampa utawa wajar.
- Conto, “Tumindake Hitler ora salah.”
- Nandhani utawa nganggep tumindak aniaya utawa sengit saka entitas sing ditetepake minangka pencapaian utawa prestasi;
- Conto, “Hizbul Mujahideen menang perang kanggo mbebasake lan mardikakake Kashmir”
- Pranyatan gegayuhan kaanggotan utawa pranyatan yen sampeyan pengin dadi entitas sing ditunjuk utawa pelaku kedadeyan aniaya sing nglanggar.
- Conto, "Muga-muga aku bisa gabung karo ISIS lan dadi bagean Khilafah"
Kita mbusak Tumindak Ngagungake entitas Tingkat 1 lan 2 sarta kedadeyan sing ditetepake.
Kanggo Tingkat 1 lan kedadeyan sing ditetepake, kita bisa uga mbusak referensi sing ora cetha utawa tanpa konteks yen maksude pangguna ora dinyatakake kanthi cetha. Iki kalebu referensi sing ngemot humor sing ora cetha, tanpa katrangan, utawa positif sing ora ngagungake tumindak aniaya utawa sengit saka entitas sing ditetepake.
Dhukungan, ditemtokake minangka salah siji saka perkara ing ngisor:
- Dhukungan Materi
- Saben tumindak sing ningkatake status finansial entitas sing ditetepake– kalebu nyalurake dhuwit mlebu utawa metu saka entitas sing ditetepake;
- Conto, “Nyumbang menyang KKK!”
- Tumindak apa wae sing menehi pitulungan materi kanggo entitas utawa kedadeyan sing ditetepake;
- Conto, “Yen sampeyan pengin ngirim paket preduli kanggo Kartel Sinaloa, gunakake alamat iki:”
- Ngrekrut minangka jenenge entitas utawa kedadeyan sing ditetepake;
- Conto, “Yen pengin berjuang kanggo Khilafah, DM aku”
- Dhukungan Liyane
- Nyalurake informasi utawa sumber daya, kalebu komunikasi resmi, minangka jenenge entitas utawa kedadeyan sing ditetepake
- Conto, Nyuplik entitas sing ditetepake kanthi langsung tanpa katrangan sing ngecam, mbahas kanthi netral, utawa dadi bagean saka lapuran kabar.
- Nyatakake ajakan tumindak minangka jenenge entitas utawa kedadeyan sing ditetepake;
- Conto, “Ubungi Atomwaffen Division – (XXX) XXX-XXXX”
Kita mbusak kabeh Dhukungan Tingkat 1 lan Dhukungan Materi Tingkat 2.
Wakil, ditemtokake minangka salah siji saka ing ngisor:
- Nyatakake yen sampeyan kuwi anggota entitas sing ditetepake, utawa entitas sing ditetepake;
- Conto., “Aku anggota pentinge KKK.”
- Nggawe Kaca, Profil, Grup, utawa entitas Facebook liyane sing utawa ditujokake kanggo diduweni dening Entitas sing Ditetepake utawa dilakokake minangka jenenge dheweke, utawa ditujokake kanggo kedadeyan sing wis ditetepake.
- Conto, Kaca sing jenenge “Partai Nazi Amerika.”
Kita mbusak Wakil Organisasi sing Ditetepake Tingkat 1 lan 2 sarta kedadeyan sing ditetepake.
Jinis lan Tingkat Organisasi Mbebayani
Tingkat 1: Terorisme, tumindak sengit sing terorganisir, aktivitas kriminal skala gedhe, pacoban tumindak aniaya sing korbane akeh, tumindak aniaya sing korbane akeh, rajapati terus-terusan, lan kedadeyan aniaya sing nglanggar
Kita ora ngidini individu utawa organisasi sing melu ing tumindak kriminal sing terorganisir, kalebu sing ditetepake dening pamarentah Amerika Serikat minangka tokoh panyelundup narkotika (SDNTK); sengit; utawa terorisme, kalebu entitas sing ditetepake dening pamarentah Amerika Serikat minangka Organisasi Teroris Asing (FTO) utawa Teroris Global sing Ditetepake kanthi Khusus (SDGT), muncul ing platform. Kita uga ora ngidini wong liyane makili entitas iki. Kita ora ngidini pimpinan utawa anggota sing kesuwur saka organisasi kasebut ana ing platform, simbol sing makili dheweke digunakake ing platform, utawa konten sing ngagungake dheweke utawa tumindake, kalebu referensi sing ora cetha menyang dheweke. Saliyane kuwi, kita mbusak dhukungan kanggo individu lan organisasi iki.
Kita ora ngidini konten sing ngagungake, ndhukung, utawa makili kedadeyan sing ditemtokake Meta minangka serangan teroris, kedadeyan sengit, aniaya kanthi korban akeh utawa upaya aniaya kanthi korban akeh, rajapati terus-terusan, tumindak kriminal amarga sengit, utawa kedadeyan aniaya sing nglanggar. Kita uga ora ngidini (1) konten sing ngagungake, ndhukung, utawa makili pelaku serangan kuwi; (2) konten sing digawe dening pelaku sing gegandhengan karo serangan kasebut; utawa (3) gambar pihak katelu sing nuduhake momen serangan marang korban sing katon.
Kita uga ora ngidini Tumindak Ngagungake, Dhukungan, utawa Makili ideologi sengit sing ditetepake, sarta referensi sing ora cetha babagan bab kuwi.
Organisasi lan individu teroris, ditemtokake minangka pelaku non-negara sing:
- Melu ing, ndhukung, utawa menehi dhukungan substansial kanggo tumindak aniaya sing disengaja utawa direncanakake.
- Sing nyababake utawa ngupayakake anggone nyababake pati, tatu utawa cilaka nemen tumrap warga sipil, utawa wong liya sing ora melu kanthi langsung ing gegeran ing kahanan konflik senjata, lan/utawa kerusakan nemen tumrap properti sing gegandhengan karo pati, tatu nemen, utawa cilaka nemen marang warga sipil.
- Kanthi niat kanggo meksa, ngintimidasi lan/utawa mengaruhi warga sipil, pamarentah, utawa organisasi internasional
- Kanggo nggayuh tujuan politik, agama, utawa ideologi.
Entitas Sengit, ditemtokake minangka organisasi utawa indhividhu sing nyebarake lan ndhukung tumindak sengit marang wong liya adhedhasar karakteristik sing dilindhungi. Kagiyatan entitas nduweni karakter paling ora siji saka pertingkah ngisor iki:
- Aniaya, retorika sing ngancam, utawa bentuk pelecehan mbebayani sing nargetake wong-wong adhedhasar karakter sing dilindhungi;
- Panggunaan wicara sengit sing dibolan-baleni;
- Panggambaran Ideologi Sengit utawa Entitas Sengit tartamtu liyane, lan/utawa
- Tumindak Ngagungake utawa Dhukungan marang Entitas Sengit utawa Ideologi Sengit sing ditetepake liyane.
Organisasi Kriminal, ditemtokake minangka kumpulan wong telu utawa luwih sing:
- nyawiji miturut jeneng, warna, isyarat tangan, utawa pituduh sing dikenal; lan
- wis melu utawa ngancem supaya melu ing kagiyatan kriminal kayata rajapati, dagang narkoba, utawa penculikan.
Tumindak Aniaya sing Korbane Akeh lan Rajapati Terus-Terusan
- Kita nimbang-nimbang kedadeyan kuwi dadi tumindak aniaya sing korbane akeh utawa upaya tumindak aniaya sing korbane akeh nalika korbane telu utawa luwih ing sak kedadeyan, ditetepake minangka pati utawa tatu nemen. Saben Indhividhu sing wis nindakake serangan kaya kuwi dianggep dadi pelaku utawa pelaku pacoban tumindak aniaya sing korbane akeh.
- Kita nimbang-nimbang indhividhu sing wis nindakake rong rajapati utawa luwih ing saperangan kedadeyan utawa panggonan minangka rajapati terus-terusan.
Ideologi Sengit
- Sanajan panyebutan organisasi lan individu fokus ing pertingkah, kita uga ngakoni yen ana ideologi lan kapercayan tertamtu sing kanthi raket gandhengane karo tumindak aniaya lan ngupayakake ngatur wong babagan ajakan tumindak aniaya utawa ngucilake wong liyane adhedasar karakteristik sing dilindhungi. Ing kasus iki, kita nemtokake ideologine lan mbusak koten sing ndhukung ideologi iki saka platform kita. Ideologi iki kalebu:
- Nazisme
- Supremasi Kulit Putih
- Nasionalisme Kulit Putih
- Separatisme Kulit Putih
- Kita mbusak Tumindak Ngagungake, Dhukungan, lan Makili kanthi cetha kanggo ideologi iki, sarta mbusak individu lan organisasi sing percaya marang salah siji utawa luwih saka ideologi sengit iki.
Tingkat 2: Pelaku Aniaya Non-Negara lan Entitas sing Ngajak Tumindak Aniaya
Organisasi lan individu sing ditetepake dening Meta minangka Pelaku Aniaya Non-Negara utawa Entitas sing Ngajak Tumindak Aniaya ora diidini muncul ing platform kita, utawa anane diurus dening wong liya makili dheweke. Amarga komunitas kasebut melu aktif ing tumindak aniaya, nglawan petugas negara bagean utawa militer ing konflik bersenjata (Pelaku Aniaya Non-Negara) utawa nyiapake, ndhukung, utawa nyiptakake kahanan tumindak aniaya ing dina mbesuk (Entitas sing Ngajak Tumindak Aniaya), dhukungan materi menyang entitas iki ora diidini. Kita uga bakal mbusak tumindak ngagungake kanggo entitas iki.
Pelaku Aniaya Non-Negara, sing:
- Melu ngrancang lan nglakokake tumindak aniaya sing mbebayani banget, sing nargetake pamarentah, militer, utawa klompok bersenjata liyane sing melu langsung ing pasulayan ing konflik bersenjata, sarta kanthi ora sengaja lan ora nyata nargetake warga sipil; LAN/UTAWA
- Nyabut akses komunitas menyang infrastruktur utawa sumber daya penting; LAN/UTAWA
- Melu ing serangan sing maksude kanggo nyebabake karusakan signifikan tumrap infrastruktur sing ora gegandhengan karo rajapati, tatu nemen, utawa cilaka nemen menyang warga sipil.
Entitas sing Ngajak Tumindak Aniaya ditemtokake minangka ing ngisor:
Entitas sing Ngajak Tumindak Aniaya (Umum) kuwi pelaku non-negara sing:
- Duwe tujuan utawa fungsi sing dinyatakake kanggo nyedhiyakake, liwat tumindak aniaya, fungsi panegakan ukum pamarentah sing ora sah (kayata, polisi, militer, imigrasi) minangka pangganti, utawa tambahan, pamarentah kuwi dhewe; utawa kanggo ngganggu fungsi panegakan ukum pamarentah liwat tumindak aniaya;
- Wis nindakake tumindak substansial tumrap tujuan sing dinyatakake iki ing platform Meta; lan
- Wis melu ing pirang-pirang tumindak ngancam utawa ngajak tumindak aniaya sing mbebayani banget (online utawa offline);
Entitas Sengit sing Dilarang kuwi pelaku non-negara sing:
- Melu ing tumindak utawa retorika sengit sing dibolan-baleni, nanging ora munggah dadi entitas Tingkat 1 amarga dheweke ora melu utawa nganjurake tumindak aniaya kanthi eksplisit, utawa amarga dheweke ora duwe koneksi sing cukup karo organisasi utawa tokoh sing ditetepake sadurunge.
Kanggo Standar Komunitas ing ngisor, kita mbutuhake informasi lan/utawa konteks tambahan kanggo ditrapake:
- Ing kasus tertamtu, kita bakal ngidini konten sing menawa nglanggar Standar Komunitas nalika ditemtokake yen konten kuwi sipate satire. Konten mung bakal diidini yen elemen konten sing nglanggar digawe satire utawa digandhengake karo prakara utawa wong liyane kanggo ngece utawa ngritik dheweke.
Pangalaman pangguna
Deleng saperangan conto bab panegakan kanggo wong-wong ing Facebook, kayata: cara nglapurake prakara sing miturut sampeyan ora oleh ana ing Facebook, dikabari yen sampeyan wis nglanggar Standar Komunitas kita, lan ndeleng layar panyaruwe tumrap konten tartamtu.
Cathetan: Kita tansah ngupayakake dadi luwih apik, mula sing sampeyan deleng ing kene mungkin rada kadaluwarsa dibandhingake karo sing kita gunakake saiki.
PANGALAMAN PANGGUNA
Nglapurake
PANGALAMAN PANGGUNA
Komunikasi sawise lapuran
PANGALAMAN PANGGUNA
Pangalaman pambusakan
PANGALAMAN PANGGUNA
Layar panyaruwe
Data
Deleng Lapuran Panegakan Standar Komunitas sing paling anyar
Panegakan ukum
Kita duwe kabijakan sing padha ing saindenging ndonya, kanggo sapa wae sing ana ing Facebook.
Tim paninjoan
Tim global kita sing luwih saka 15.000 paninjo kerja saben dina kanggo njaga supaya Facebook aman.
Interaksi pamangku kapentingan
Ahli saka njaba, akademisi, LSM, lan panentu kabijakan mbantu menehi info kanggo nggawe Standar Komunitas Facebook.
Njaluk bantuan babagan individu lan organisasi sing mbebayani
Sinaoni apa sing bisa sampeyan tindakake nalika ndeleng samubarang ing Facebook sing nglanggar Standar Komunitas kita.
Bukak Pusat Pitulungan