Eksploitasi seksual bocah
Konten, kagiyatan, utawa interaksi sing ngancam, nggambarake, muji, ndhukung, menehi pituduh, nyatakake niat, ngakoni partisipasi, utawa ngandumake pranala eksploitasi seksual bocah (kalebu gambar bocah durung cukup umur, balita, utawa bayi sing nyata, utawa gambaran sing ora nyata memper manungsa, kayata ing seni, konten gawean AI, karakter fiksi, boneka, lsp). Iki kalebu nanging ora winates ing:
Ubungan seksual
Ubungan seksual utawa seks oral sing terang-terangan sing dijelasake minangka lambe utawa alat kelamin mlebu utawa kontak karo alat kelamine utawa anuse wong liyane, sing salah siji alat kelamine utawa anuse katon.
Ubungan seksual sing samar utawa seks oral, kalebu nalika kontak wis arep kedadeyan utawa ora katon kanthi langsung.
Stimulasi alat kelamin utawa anus, kalebu nalika kagiyatan kuwi wis arep kedadeyan utawa ora katon kanthi langsung.
Salah siji saka ing ndhuwur sing ngatutake kewan.
Anak sing duwe elemen seksual, kalebu nanging ora winates kanggo:
Bab matesi
Tandha pepenginaning ati
Fokus ing alat kelamin utawa anus
Anane wong diwasa sing kena rangsang
Anane alat bantu seksual utawa panggunaan objek kanggo stimulasi seksual, gratifikasi, utawa panyalahgunaan seksual
Kostum sing sipate seksual
Nguculi sandhangan
Lingkungan kanthi adegan sing disengaja disiyapake (conto, ing amben) utawa poto profesional (kualitas/fokus/pojokan)
Ngambung lambe
Rangsangan tumrap penthil manungsa utawa ngremes penthil wong wadon (KAJABA ing konteks nyusoni)
Anane prodhuk liya saka kagiyatan seksual
Konten sing ngatutake bocah ing konteks fetish seksual
Konten sing ndhukung, mromosekake, nganjurake, utawa ngajak partisipasi ing fedofilia kajaba dibahas kanthi netral ing konteks kasehatan
Konteks sing ngidhentifikasi utawa moyoki wong sing dikira korban eksploitasi seksual bocah kanthi jeneng lan gambar
Ajakan Seksual
Konten sing ngajak konten utawa aktivitas seksual sing nggambarake utawa ngatutake bocah, sing ditemtokake minangka:
Materi Palecehan Seksual Anak (CSAM)
Gambar bocah uda, nyata utawa ora nyata
Gambar seksual bocah, sing nyata utawa ora nyata
Interaksi sing ora pantes marang bocah
Konten sing nyatakake utawa nggampangake interaksi sing ora pantes marang bocah, kayata:
Ngajak, ngatur, utawa ngrencanakake ubungan seksual karo bocah
Mbujuk bocah supaya melu ing aktivitas seksual liwat jagongan sing nyangkut perkara seksual utawa nawakake, nuduhake, ngentukake, utawa njaluk materi seksual marang utawa saka bocah, liwat paparan sing disengaja utawa ing pesen pribadi
Melu ing pacelathon seksual sing samar karo bocah ing pesen pribadi
Mikolehi utawa njaluk materi seksual saka bocah ing pesen pribadi
Gambar intim eksploitatif lan sekstorsi
Konten sing ngupayakake eksploitasi bocah kanthi:
Meksa menehi dhuwit, pitulungan, utawa gambar intim kanthi ancaman bakal nyebarake gambar utawa informasi intim sing nyata utawa ora nyata
Ngandumake, ngancam, utawa miwiti niat kanggo ngandumake obrolan seksual pribadi utawa gambar intim sing nyata utawa ora nyata
Seksualisasi bocah
Konten (kalebu poto, video, seni donya nyata, konten digital, lan gambaran verbal) ndadekake bocah nyata utawa ora nyata minangka objek seksual
Grup, Kaca, lan profil khusus sing ndadekake bocah nyata utawa ora nyata minangka objek seksual
Bocah wuda
Konten sing nggambarake bocah nyata utawa ora nyata sing wuda. Wuda ing kene ditetepake minangka:
Gambar saka cedak alat kelamin bocah nyata utawa ora nyata
Gambar balita nyata utawa ora nyata sing uda, sing nampilake:
Alat kelamin sing katon, sanajan ditutup utawa disamarake kanthi sandhangan transparan
Anus sing katon lan/utawa gambar bokong uda saka cedhak
Gambar bocah durung cukup umur nyata utawa ora nyata sing uda, sing nampilake:
Alat kelamin sing katon (kalebu alat kelamin sing disamarake mung karo rambut alat kelamin utawa sandhangan transparan)
Anus sing katon lan/utawa gambar bokong uda saka cedhak
Penthil wong wadon sing ora ditutupi
Tanpa sandhangan saka gulu nganti dhengkul, sanajan ora ana gambar alat kelamin utawa penthile wong wadon sing katon
Kajaba gambar ora nyata sing dimaksudake kanggo tujuan kasehatan utawa gambar non-seksual saka bocah uda ing seni nyata
Palecehan non-seksual marang bocah
Video utawa foto sing nggambarake palecehan non-seksual marang bocah sing nyata utawa ora nyata, ora preduli niyate ngandumake, kajaba gambar saka seni nyata, kartun, film, utawa video game
Konten sing ngalem, ndhukung, mromosekake, nganjurake, menehi pituduh, utawa ngajak partisipasi ing palecehan non-seksual marang bocah