Representasi Identitas Asli

Rincian kabijakan

LOG PERUBAHAN
Dhasar Kabijakan
Keaslian iku dhasar komunitas kita. Kita yakin yen keaslian mbantu nyiptakake komunitas panggonane wong-wong padha bisa tanggung jawab, lan tanggung jawab marang Meta, kanthi cara sing migunani. Kita pengin ngidini macem-macem cara identitas dituduhake ing komunitas global kita, nalika uga nyegah tumindak memba-memba lan salah nggambarake identitas. Kanggo njaga lingkungan sing aman lan sumanak panggonan wong-wong padha bisa percaya lan mbangun komunitas, kita ora ngidini upaya nggawe akun utawa profil sing digawe utawa digunakake kanggo ngapusi wong liya.
Ing Facebook, kita majibake wong-wong nggawe siji akun nggunakake jeneng dheweke saben dina sing makili identitas asli. Kita nggawe Profil Tambahan kanggo mbantu wong nuduhake bagean sing beda-beda saka identitase, kayata minat utawa bisnis.
Kita ora ngidini panggunaan layanan lan bakal matesi utawa nonaktifake akun Facebook, Instagram, lan Thread utawa entitas Facebook liyane (kayata Kaca, grup) sing:
  • Diduweni bocah sing durung cukup umur
  • Memba-memba wong utawa entitas liya kanthi:
    • Nggunakake gambar, jeneng, utawa pepadhan kanggo tujuan ngapusi wong liya
    • Ngomong nganggo swara wong utawa entitas liya sing ora diidinake dening panggunane (conto, kanthi nggawe Kaca utawa Profil)
  • Nglakoni tumindak salah nggambarake identitas kanggo mblasukake utawa ngapusi wong liya, nyingkiri panegakan, utawa nglanggar Standar Komunitas kita. Kita nganggep saperangan faktor nalika mbiji salah nggambarake identitas sing mblasukake, kayata:
    • Owahan sing dibolan-baleni utawa signifikan tumrap peprincen identitas, kayata jeneng utawa umur
    • Informasi profil sing mblasukake, kayata peprincen bio lan panggonan profil
    • Nggunakake gambar stok
  • Nggunakake jeneng sing isine nglanggar Standar Komunitas kita.
Ing Facebook, kita bakal nggolek informasi luwih akeh sadurunge tumindak wiwit saka matesi sawetara nganti nonaktifake profil utawa akun yen sampeyan:
  • Menehi tanggal lair palsu
  • Nggunakake jeneng kang dudu jeneng asli sing sampeyan gunakake saben dina
  • Nggawe siji akun sing makili utawa digunakake dening luwih saka siji wong
  • Nggawe utawa nduweni pirang-pirang akun Facebook
  • Nggawe akun sing makili entitas non-manungsa, kayata bisnis, kewan ingon-ingon, utawa karakter fiktif
  • Ngetogake profil kosong nganti wektu sing suwe
Pangalaman pangguna
Deleng saperangan conto bab panegakan kanggo wong-wong ing Facebook, kayata: cara nglapurake prakara sing miturut sampeyan ora oleh ana ing Facebook, dikabari yen sampeyan wis nglanggar Standar Komunitas kita, lan ndeleng layar panyaruwe tumrap konten tertamtu.
Cathetan: Kita tansah ngupayakake dadi luwih apik, mula sing sampeyan deleng ing kene mungkin rada kadaluwarsa dibandhingake karo sing kita gunakake saiki.
PANGALAMAN PANGGUNA
Nglapurake
PANGALAMAN PANGGUNA
Komunikasi sawise lapuran
PANGALAMAN PANGGUNA
Pangalaman pambusakan
PANGALAMAN PANGGUNA
Layar panyaruwe
Panegakan ukum
Kita duwe kabijakan sing padha ing saindenging ndonya, kanggo sapa wae sing ana ing Facebook.
Tim paninjoan
Tim global kita sing luwih saka 15.000 paninjo kerja saben dina kanggo njaga supaya Facebook aman.
Interaksi pamangku kapentingan
Ahli saka njaba, akademisi, LSM, lan panentu kabijakan mbantu menehi info kanggo nggawe Standar Komunitas Facebook.
Entukake pitulungan babagan representasi identitas asli
Sinaoni apa sing bisa sampeyan tindakake nalika ndeleng samubarang ing Facebook sing nglanggar Standar Komunitas kita.
Bukak Pusat Pitulungan