Standar Komunitas

Standar Komunitas nerangake apa sing diidini lan ora diidini ing Facebook, Instagram, Messenger, lan Threads.
Pambuka
Kabijakan iki adhedhasar masukan saka komunitas kita lan saran saka ahli ing bidhang kayata teknologi, kaslametan umum, lan hak asasi manungsa. Kanggo mesthekake swarane saben wong kuwi diregani, kita ngati-ati banget anggone nggawe standar sing nyakup pandangan lan kapercayan sing beda, khususe wong lan komunitas sing mbokmenawa dilirwakake utawa dipinggirake.
Saben dina, wong-wong ngunakake Facebook, Instagram, Messenger, lan Threads kanggo ngandumake pangalamane dheweke, nyambung karo kanca lan kulawarga, sarta mbangun komunitas. Layanan kita ndadekake milyaran wong bisa bebas nuduhake ekspresine dhewe ing kabeh negara, budaya, lan puluhan basa.
Meta ngakoni pentinge Facebook, Instagram, Messenger, lan Threads dadi panggonan kanggo wong rumangsa didhukung anggone komunikasi, lan kita serius kanggo nyegah tumindak panyalahgunaan ing layanan kita. Kuwi alasan kita ngembangake standar babagan prakara sing diidini lan ora diidini ing layanan iki.
Elinga yen versi Inggris AS saka Standar Komunitas kuwi nggambarake saprangkat kabijakan sing paling anyar lan kudu digunakake minangka dokumen utama.
Komitmen kita kanggo menehi opini
Tujuan Standar Komunitas kita kanggo nggawe panggonan kanggo ekspresi lan menehi opini menyang wong. Meta pengin wong-wong bisa omong-omongan kanthi jujur babagan masalah sing penting kanggo dheweke, bisa liwat tulisan komentar, poto, musik, utawa media artistik liyane, sanajan yen ana sing bisa uga ora setuju utawa nganggep kuwi ora nyenengake. Ing sawetara kasus, kita ngidini konten —sing bakal nglanggar standar kita—yen iki layak dikabarake lan kanggo kapentingan umum. Kita mung nindakake iki sawise nimbang-nimbang pangaji kapentingan umum tumrap risiko bebaya lan kita ngrujuk marang standar hak asasi manungsa internasional, kanggo nggawe putusan kuwi. Ing kasus liyane, kita bisa uga mbusak konten sing nggunakake basa sing tegese macem-macem utawa samar nalika konteks tambahan ngidini kita mangerteni kanthi lumrah yen konten kasebut nglanggar standar kita.
Komitmen kita kanggo ekspresi kuwi sing paling penting, ananging kita sadhar yen internet nyiptakake kesempatan anyar sing luwih gedhe kanggo tumindak nyalahnggunakake. Kanggo alesan kuwi, kita matesi ekspresi, kita nindakake kuwi ing layanane salah siji utawa luwih saka nilai ing ngisor:
KEASLIAN
Kita pengin mesthekake konten sing dideleng wong kuwi asli. Kita yakin yen keaslian bisa mujudake lingkungan sing luwih apik kanggo andum, lan kuwi alasan kita ora pengin wong sing nggunakake layanan kita salah nggambarake sapa dheweke utawa apa sing ditindakake.
KASLAMETAN
Kita duwe komitmen kanggo ndadekake Facebook, Instagram, Messenger, lan Threads panggonan sing aman. Kita mbusak konten sing bisa nyababake risiko bebaya marang kaamanan wong kanthi fisik. Konten sing ngancam wong duwe potensi ngintimidasi, ninggalake utawa ora ngidini wong liya menehi tanggapan, lan iki ora diidini ing layanan kita.
PRIVASI
Kita duwe komitmen kanggo nglindhungi privasi lan informasi pribadi. Privasi menehi kabebasan wong dadi awake dhewe, milih kepiye lan kapan ngandumake ing layanan kita, sarta nyambung kanthi luwih gampang.
MARTABAT
Kita yakin yen kabeh wong iku nduwe martabat lan hak sing padha. Kita ngarep-arep wong bakal ngurmati martabate wong liyane lan ora nglecehake utawa ngasorake wong liyane.
Standar Komunitas
Standar Komunitas kita ditrapake kanggo sapa wae, saindenging ndonya, lan kanggo kabeh jinis konten, kalebu konten sing digawe AI.
Saben bagean Standar Komunitas diwiwiti karo “Dhasar Kabijakan” sing netepake tujuan kabijakan sarta kabijakan tertamtu sing nerangake:
Konten sing ora diidini; lan
Konten sing mbutuhake informasi utawa konteks tambahan kanggo ditrapake, konten sing diidini kanthi layar panyaruwe, utawa konten sing diidini nanging mung bisa dideleng wong diwasa sing umure minimal 18 taun.