Mbantu Remaja Ndeleng Konten sing Pantes Miturut Umur
DIUPDATE 4 MEI 2026
Kita pengin remaja duwe pangalaman sing aman lan positif ing Facebook lan Instagram, sing kalebu mbantu dheweke njlajahi minate sinambi nampilake konten sing pantes kanggo umure. Kita ngupayakake nyegah remaja supaya ora ndeleng konten sing ora pantes kanthi telung cara utama: mbusak kabeh konten nalika nglanggar aturan kita, ndhelikake jinis konten diwasa utawa sensitif tartamtu saka remaja, lan bagean rekomendhasi sing luwih ketat.
Kita terus ngupayakake pendekatan supaya bisa nyedhiyakake pangalaman sing aman lan pantes miturut umur marang para remaja, sarta nggabungake riset lan saran ahli sing paling apik supaya wong tuwa bisa tenang. Kita uga pengin luwih selaras maneh karo standar independen sing wis dimangerteni dening para kulawarga, dadi kita ninjo panduan sing trep karo umur—panduan sing nemtokake konten apa sing kita dhelikake saka para remaja lan ora kita saranake kanggo dheweke—kanthi mbandhingake karo rating film kanggo umur 13+ sarta masukan saka wong tuwa. Iki tegese, tujuan kita yaiku supaya para remaja ndeleng konten ing Instagram lan Facebook sing memper karo sing dituduhake ing film sing trep karo umure, kanthi default.
Padha kaya nalika sampeyan ndeleng konten sing asipat seksual utawa krungu basa kasar ing film rating 13+, para remaja uga kadhang kala bakal ndeleng perkara kasebut ing Instagram lan/utawa Facebook. Nanging, kita terus ngupayakake supaya perkara iki arang kedadeyan. Kita ngerti yen ora ana sistem sing sampurna, mula kita nduweni tekad kanggo terus ningkatake sistem iki kanthi ajeg.
Media sosial lan film kuwi akeh bedane. Kita ora kerja bareng MPA nalika nganyari setelan konten kita. MPA ora menehi rating kanggo konten apa wae ing Instagram lan/utawa Facebook, sarta ora ndhukung utawa nyetujoni setelan konten kita kanthi cara apa wae. Nanging, kita ngentukake inspirasi saka panduan publik duweke MPA sing wis dikenal dening wong tuwa, lan uga masukan saka wong tuwa. Sistem moderasi konten kita ora padha karo dewan rating film, mula pangalamane bisa uga ora padha.
Lapisan Palindhungan sing Kandel
Kabeh wong: Kita mbusak konten sing nglanggar Standar Komunitas kita. Kita uga nduwe standar sing luwih dhuwur kanggo jinis konten sing kita saranake.
❌ Konten sing Kita BusakStandar Komunitas kita nerangake jinis konten sing ora diidini ing Facebook lan Instagram. Kita mbusak konten iki ing sakabehe kanggo kabeh wong - kalebu para remaja - nalika kita weruh babagan konten kasebut. Nalika kita mbusak konten sing nglanggar aturan iki, kita uga bisa ngetrapake aruh-aruh menyang akun sing ngandumake konten kasebut, lan kita nonaktifake akun sing bola-bali utawa nglanggar kabijakan kita kanthi nemen. Kabijakan kita dirancang kanggo nglindhungi kabeh wong ing komunitas kita kalebu para remaja.
Jinis konten sing kita busak ing sakabehe kalebu, nanging ora winates kanggo:
Panyalahgunaan lan Eksploitasi
Kita ora ngidini konten sing bisa nglecehake utawa ngeksploitasi wong, kaya postingan aktivitas seksual sing tanpa idin, utawa ngandumake, utawa njaluk materi tumindak aniaya tumrap bocah. Contone, kita bakal mbusak:
❌ Postingan sing nawakake prostitusi utawa njaluk wong kanggo ngirimi pornografi marang dheweke.
❌ Poto wong tumindak seksual utawa intim, sing diandumake tanpa idin dheweke.
❌ Postingan sing nawakake utawa njaluk materi tumidak aniaya seksual tumrap bocah utawa gambar bocah wuda.Nglalu, Nglarani Awake Dhewe, lan Gangguan Pola Mangan
Kita ora ngidini konten sing ngajak, nguja, utawa mromosekake nglalu, nglarani awake dhewe, utawa gangguan pola mangan, nanging isih menehi panggonan kanggo wong-wong ngrembugake babagan pangalamane utawa nggolek dhukungan. Contone, kita bakal mbusak:
❌ Postingan sing ngomongake bab nglalu, nglarani awake dhewe, utawa gangguan pola mangan kanthi positif.
❌ Crita sing nampilake nglarani awake dhewe kang sipate sadis.
❌ Komentar sing ngece wong amarga duwe gangguan pola mangan.
Tumindak Sengit, Reridhu, lan Pelecehan
Kita ora ngidini konten sing bisa nggawe lingkungan sing nyebabake intimindasi lan misah-misah, kalebu reridhu lan palecehan. Contone, kita bakal mbusak:
❌ Postingan sing nggunakake ujaran kang ora manungsakake tumrap wong-wong adhedhasar ras, agama, entis, identitas jinis kelamin, utawa orientasi seksual.
❌ Komentar sing ngece kurban serangan seksual.
❌ Postingan kang ngancam nerbitake katrangan pribadhi sing bisa diidhentifikasi (kaya nomer paspor) utawa ngasut palecehan tumrap wong.
Barang lan Layanan sing Diwatesi
Kita ora ngidini tuku, adol, utawa dagang barang lan layanan tertamtu sing diwatesi ing platform kita. Kita uga ora ngidini wong-wong kanggo mromosekake jinis dat tertamtu utawa menehi pituduh carane nggunakake dat kasebut. Contone, kita bakal mbusak:
❌ Crita sing nawakake tuku, adol, utawa dagang macem-macem jinis narkoba.
❌ Postingan sing pengin tuku, adol, utawa dagang mbako, nikotin, utawa alkohol
❌ Komentar sing nawakake komponen bedhil sing dicithak 3D.Kita nemtokake saperangan pangajaban kanggo bisnis sing sah kang miturut ukum nawakake jinis barang tertamtu sing diwatesi.
Konten Ngancam lan Sadis
Kita ora ngidini konten sadis sing ekstrem, utawa konten sing bosa nyebabake ancaman marang kaslametan pribadi, kayata ancaman tumindak aniaya marang wong-wong. Contone, kita bakal mbusak:
❌ Postingan sing ngancam mateni utawa nyulik wong liya, utawa wong sing ngajak wong liya kanggo tumindak aniaya.
❌ Video sadis sing nampilake wong lagi tatu utawa kobong nemen.
Kita nemtokake pangajaban tertamtu kanggo konten sadis ing konteks medis utawa nalika diandumake kanggo nggugah kesadharan. Kita ora ngidini konten sadis, biyasane kita nutupi konten kasebut nganggo layar panyaruwe supaya wong ngerti yen konten kasebut mungkin sensitif sadurunge dheweke ngeklik.
Wuda, Aktivitas Seksual, lan Basa Vulgar
Kita matesi tampilan wuda utawa aktivitas seksual, uga basa vulgar. Contone, kita bakal mbusak:
❌ Gambar utawa video sing isine gambar wuda utawa aktivitas seksual terang-terangan, kalebu gawenane AI.
❌ Crita kanthi katrangan ubungan seksual sing terang-terangan (kejaba guyonan utawa satire).
Kita ngerti yen gambar wuda bisa diandumake kanggo macem-macem tujuan, kalebu wujud protes, ningkatake kasadharan, utawa kanggo alesan pendhidhikan utawa medis. Nalika tujuane tepak lan cetha, kita menehi kelonggaran kanggo konten kasebut.
Kanggo peprincen luwih jangkep babagan konten sing kita busak, deleng Standar Komunitas kita.
🛡️ Konten sing Ora Kita SaranakeKita nggawe rekomendhasi ing panggonan kayata Reels utawa Jlajahi Instagram utawa Kabar Facebook kanggo mbantu wong-wong nemokake konten anyar sing menawa disenengi. Kita nduwe panduan babagan jinis konten sing bisa direkomendasekake, lan ngindhari menehi rekomendhasi sing menawa kualitase rendah, ora nyenengake, utawa sensitif banget, senajan nalika konten kasebut ora nemen banget kanggo dibusak. Iki amarga miturut kita kudu ana standar sing luwih ketat nalika nampilake konten saka akun sing ora dipilih kanggo ditutake.
⚠️ Konten Tambahan sing Kita Dhelikake kanggo Remaja
Remaja: Kita nawakake palindhungan tambahan kanggo remaja ngisore umur 18 taun. Kita ndelikake konten liyane, saliyane apa sing kita busak kanggo kabeh wong, lan uga ora nyaranake konten kanggo wong diwasa marang para remaja. Tujuan kita yaiku supaya para remaja ndeleng konten ing Instagram lan Facebook sing memper karo sing dituduhake ing film sing trep karo umure, kanthi default. Remaja mung bisa ngakses setelan katelu sing luwih longgar—yaiku Konten Liyane—kanthi idi saka wong tuwa. Ing Instagram, para remaja utawa wong tuwane bisa milih setelan sing luwih ketat sing diarani Konten Winates, dene remaja mung bisa ngakses setelan katelu sing luwih longgar—yaiku Konten Liyane—kanthi idi saka wong tuwa
13+ (default): Setelan konten 13+ didhasari dening rating film kanggo umur 13+ taun lan masukan saka wong tuwa, lan aktif kanthi default kanggo remaja. Kita wis kerja bareng para ahli babagan nom-noman ing saindenging ndonya kanggo mangerteni luwih apik jinis konten sing pantes kanggo wong diwasa, nanging durung pantes kanggo remaja sing umure durung 18 taun, lan kita wis ninjo panduan sing pantes miturut umur babagan rating film kanggo umur 13+ taun lan masukan saka wong tuwa. Ing setelan iki, kita bakal ndhelikake konten tambahan saka remaja, saliyane apa sing wis kita busak kanggo kabeh wong. Iki tegese, senajan wong diwasa isih duwe akses menyang konten iki, remaja ora bakal bisa ndeleng utawa interaksi karo konten iki, senajan konten kasebut diandumake dening akun sing ditutake dheweke ing Kabar utawa Critane. Kita uga bakal nyegah remaja nemokake, ngetutake, lan interaksi karo akun sing akeh-akehe ngandumake konten sing ora tepak karo umure.
Klik ing kene kanggo ndeleng sawetara jinis konten sing bakal kita dhelikake saka remaja ing setelan default iki
Nglalu, Nglarani Awake Dhewe, lan Gangguan Pola Mangan
Kita ndhelikake konten tertamtu sing gegandhengan karo nglalu lan nglarani awake dhewe kanggo nglindhungi remaja saka materi sing duwe potensi ndadekake sedhih utawa sensitif. Contone, kita bakal matesi miturut umur:
⚠️ Postingan nalika wong nerangake pangalaman pribadine karo nglalu, nglarani awake dhewe, utawa gangguan pola mangan, kejaba ing konteks pamulihan.
⚠️ Poto utawa video sing nampilake wong ing rumah sakit nindakake eutanasia utawa nglalu kanthi pitulungan.
⚠️ Crita nalika ana wong sing rembugan babagan prilaku nyuda bobot awak sing ekstrim dheweke.
Barang lan Layanan sing Diwatesi
Kita ndhelikake konten saka remaja sing bisa ngaruh marang dheweke ing aktivitas sing duwe potensi mbebayani. Contone, kita bakal matesi miturut umur:
⚠️ Postingan sing nawakake adol tembako, prodhuk nikotin, alkohol, utawa senjata nalika diandumake dening bisnis fisik sing sah.
⚠️ Crita sing ngajak wong nggunakake obat psikedelik (uga dikenal minangka entheogen) utawa prodhuk ganja.
⚠️ Gambar kanthi resep kanggo omben-ombenan alkohol.
⚠️ Postingan adol prodhuk utawa layanan nyuda bobot awak.
Konten Ngancam lan Sadis
Kita ndhelikake umume gambar sadis lan ngganggu saka remaja, senajan kita ngidini gambar kasebut ing mburine layar panyaruwe kanggo diwasa. Contone, kita bakal matesi miturut umur:
⚠️ Poto wong kobong kanthi nemen, sing kita tutupi nganggo layar panyaruwe kanggo wong diwasa.
⚠️ Poto utawa video tembak-tembakan, tumindak brutal, utawa tabrakan montor sing nyababake pati.
Wuda, Aktivitas Seksual, lan Basa Vulgar
Kita ndhelikake konten tambahan saka remaja sing ora ngamot wuda utawa aktivitas seksual terang-terangan sing bisa dianggep sipate seksual. Contone, kita bakal matesi miturut umur:
⚠️ Postingan kanthi meh wuda kayata wuda sing ditutupi overlay digital.
⚠️ Foto zoom nuduhake bokonge wong.
⚠️ Crita kanthi basa sing sipate seksual kanggo nerangake ubungan seksual, kalebu nggunakake metafora seksual.
Kanggo peprincen luwih jangkep babagan konten sing kita busak, deleng Standar Komunitas kita.
Kita uga ora nyaranake jinis konten liyane, sanajan kuwi selaras karo rating film kanggo umur 13+ taun lan masukan saka wong tuwa. Akeh konten sing kita ora saranake marang wong diwasa sing wis didhelikake kabeh saka remaja, nanging kita tumindak luwih ketat kanggo remaja lan ora nyaranake jinis konten liyane, kayata poto utawa video sing bisa dianggep asipat seksual kanthi samar, basa kasar nemen, utawa aksi mbebayani kayata mlumpat saka panggonan dhuwur.
Konten Winates: Ing Instagram, kanggo wong tuwa sing ngarepake kontrol luwih, kita wis ngenalake aturan anyar sing luwih matesi arane Konten Winates. Nalika setelan Konten Winates diaktifake, kita bakal nerapake filter konten kita kanthi luwih ketat kanggo ndhelikake luwih akeh konten saka pengalaman Akun Remaja. Kita uga bakal luwih matesi asil Panggolekan, lan nonaktifake kabisan remaja kanggo ndeleng, ninggalake, utawa nampa komentar ing postingan.
Konten Liyane: Remaja mung bisa ngalih menyang setelan Konten Liyane yen entuk idin wong tuwa, lan wong tuwa mung bisa menehi liwat pengawasan wong tuwa. Ing setelan iki, remaja isih bakal nampa manpangat saka palindhungan otomatis sing ndhelikake luwih akeh konten saka remaja tinimbang wong diwasa, lan kita isih bakal mbusak sekabehane konten nalika nglanggar Standar Komunitas. Ananging, remaja bisa uga nampa rekomendhasi sawetara konten sing ora bakal ana ing 13+ lan setelan Konten Winates, lan kita ora bakal ndhelikake kabeh akun sing ngandumake konten sing ora pantes kanggo umure. Setelan Konten Liyane ora bakal nyedhiyakake watesan konten sing luwih ketat ing kabeh Siaran Langsung, Komentar, lan Panggolekan sing dadi bagean saka 13+ lan setelan Konten Winates.
Selakan: Media sosial lan film kuwi akeh bedane. Kita ora kerja bareng MPA nalika nganyari setelan konten kita. MPA ora menehi rating kanggo konten apa wae ing Instagram lan Facebook, sarta ora ndhukung utawa nyetujoni setelan konten kita kanthi cara apa wae. Nanging, kita ngentukake inspirasi saka panduan publik duweke MPA sing wis dikenal dening wong tuwa, lan uga masukan saka wong tuwa. Sistem moderasi konten kita ora padha karo dewan rating film, mula pangalamane bisa uga ora padha.
Cara Nglapurake Konten sing Nglanggar
Kita ngupayakake kanthi tenanan kanggo ngenali konten sing nglanggar aturan kita, lan kita nemokake konten sing paling akeh kita busak kanthi proaktif nggunakake teknologi kita sadurunge dilapurane menyang kita. Yen sampeyan ndeleng konten sing kita liwati, bantu supaya platform kita dadi panggonan sing luwih aman kanthi nglapurake konten kasebut ing Facebook utawa Instagram. Kabeh lapuran sipate anonim.
Sumber Informasi Tambahan
Standar Komunitas kita isine peprincen jinis konten sing kita busak lan kita watesi adhedhasar umur kanggo saben bidhang kabijakan. Kanggo maca Standar Komunitas, klik ing kene.
Kita uga ngembangake teknologi sing kanthi proaktif ngenali potensi wong diwasa sing duwe sipat nyalawadi, kayata wong diwasa sing bola-bali diblokir utawa dilapurake dening remaja, utawa yen wong diwasa bola-bali nggoleki konten sing nglanggar. Kita ora bakal nyaranake wong diwasa sing sipate nyalawadi marang remaja, lan kita ora bakal nyaranake remaja marang wong diwasa sing sipate nyalawadi. Sampeyan bisa maca luwih jangkep babagan iki ing kene.
Sampeyan bisa maca luwih jangkep babagan cara kita mbantu komunitas tetep aman ing Pusat Kaslametan, lan cara kita ndhukung remaja lan kulawarga ing Pusat Kulawarga kita.